Mohon tunggu...
Arya Penangsang
Arya Penangsang Mohon Tunggu... profesional -

ananing merga ana

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Tetekun Kanthi Tekun Katekan Kang Sumadya

20 Oktober 2014   20:28 Diperbarui: 28 Maret 2016   09:24 349
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

 

1413785667145361028
1413785667145361028
 

14137857011637190613
14137857011637190613

Wis dadi titahing Gusti Allah Kang Makarya Jagad dalah Gusti Kang Murbaning Dumadi, bumi pertiwi kang subur uga rajakaya sato iwen kuwi mung diciptakake kanggo manungsa. Bumi kang loh jinawi bakal bisa dadi makmure jalma manungsa kabeh yen diolah kanthi tekun. Mula, kabeh kudu makarya kanggo nyukupi sandang pangane. Ora oleh mung lungguh sendheku dedonga ngadep Gusti nyuwun kamurahan lan welas asih. Semono uga ora oleh mung sedhakep wae ora cancut tali wanda njagakake palemahan lan pategalan kang subur nuwuhake kabeh tetanduran kang bakal nyukupi pangan.

 

 

 

1413786025369122049
1413786025369122049

Pancen palemahan, pategalan, sawah, gunung, lan wukir Nuswantara kang amba bisa ngasilake apa wae sing ditandur. Pari, palawija, pala gumantung, pala kependhem, pala kesimpar, empon-empon, lan kulupan bakal dadi pangane sadulur ing Nuswantara. Kali, kedhung, lan bengawan uga ranu iya bakal menehi mina kanggo sapa wae. Ara-ara ( oro-oro ) kang amba lan dawa pancen mung bisa dithukuli pasuketan nanging dudu ategese ora migunani. Oro-oro bisa kanggo papan angon rajakaya para bocah sinambi golek kayu lan dolanan uga tetembangan utawa ngura-ura sing bisa dadi tentreming ati lan ngilangake rasa lungkrah kesel.

 

1413785744571909021
1413785744571909021
 

1413785844820112939
1413785844820112939
 

Sepira elohe palemahan lan pasiten yen ora digarap kahthi becik ora bakal menehi pangan. Sepira cengkare pategalan lan kebon yen digarap kanthi bener lan becik bakal dadi makmure sing nggarap. Abot entheng, kabeh bakal ngrasake. Dene yen bahune ora bisa gawe nyandhak lempak, pacul, lan garu utawa nggawa prau lan jala kanggo golek mina, iya bisa ngupaya upa kanthi dodolan.

 

Tetesing kringet bakal dadi tetesing luh sing gawe karaharjoning kaluwarga lan urip bebrayatan. Makarya kanthi tekun ora nabrak nubruk angger-angger lan gawe cuwa lan cidrane liyan bakal bisa katekan kang sumadya. Semono uga aja nganti lali kudu tansah sendhuku ngaturake dedonga sujud syukur marang Gusti kang kinasih.

 

14137860751966921746
14137860751966921746
 

 

 

14137861552051869281
14137861552051869281

Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga. Dudu ateges Gusti Allah Kang Murbaning Dumadi ora kersa paring sandhang pangan kang murakabi, nanging apa kang ana kuwi bakal bisa marakake urip raharjo basuki kanthi diolah sing bener. Nuwun……

 

 

 

14137862501742521340
14137862501742521340
 

14137862901242641030
14137862901242641030
 

1413786321453743527
1413786321453743527
 

1413786368550670382
1413786368550670382
 

1413786413552027188
1413786413552027188
 

# Foto2 dhewe dijupuk mung ing tlatah Kabupaten Malang sisih wetan lan kidul.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun