Mohon tunggu...
aremania
aremania Mohon Tunggu... karyawan swasta -

Salam satu jiwa!

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Urip Prasaja lan Sakmadya Wae. Aja Seneng Pamer!

19 Desember 2012   12:17 Diperbarui: 24 Juni 2015   19:22 639
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1355919129297661814

[caption id="attachment_215436" align="aligncenter" width="459" caption="Foto ilustrasi: luntang-lantung.com"][/caption]

Pasar Pakisaji dadi geger nalika, Bok Marija, wong wadon saka Medura sing dodolan daging dijambret. Hla sing dijambret ora tanggung-tanggung kalung emas lan bandhole sing gumantung ing gulune. Jarene kanca-kanca bakul bobote meh 100 gram. Padahal nalika dijambret pasar isih rame merga isih jam setengah wolu esuk. Jambrete nyaru dadi wong sing arep tuku. Nalika Bok Marija mbungkuk jupuk godhong jati bungkus daging, dumadakan kalunge dicandhak lan dijabut makdeelll.....lan Bok Marija disurung nganti tiba jengkangkangan. Bathuke bundhas lan gulune catu kebeset kalunge dhewe.

Para kanca bakul lan sing tuku liyane mung mlongo ketenggengen. Nalika Bok Marija mbengok jambret sakwise ditulung ngadeg, kabeh lagi weruh Bok Marija kejambretan. Sakwise diwenehi wedang putih, Bok Marija disusul mulih karo bojone. Bangone utawa dodolane dijaga anake sing wadon.

Mboh geneya, sanajan kelangan kalung gedhe Bok Marija lan bojone ora gelem lapor menyang polisi.  “Kelangan barang ora apa-apa. Sing penting isih slamet..... Banda utawa mas isa golek maneh!” ngono jarene nalika wis gelem dodolan maneh.

o o o o o o o

Seminggu wis lewat. Akeh wong wis padha lali marang kedadeyane Bok Marija kelangan kalung. Senin esuk pasar isih sepi, sing nggelar dagangan durung pati akeh. Apa maneh sing blanja, jalaran wis akeh sing blanja dhek dina minggu wingine. Jam setengah pitu Bok Marija tata-tata bangone ( bedhake ) arep nggelar daging sing arep didol. Durung tuntas nalika tata-tata, ana wong lanang nganggo kacamata nyedhaki Bok Marija lan ngomong...

“ Bok ....iki kalunge sampeyan sing dijambret ndhisik ya....?”

Bok Marija kaget banjur kandha...

“ Ooo...iya. Iku kalungku.... waduuuh kene!”

Wong lanang kuwi banjur nyedhaki Bok Marija banjur njejelake kalung sing diduduhake mau ing cangkeme Bok Marija sing digeblakake karo ngomel...

“ Iki... untalen kalung imitasi iki......” Banjur wong lanang kuwi mlayu metu saka pasar. Dene Bok Marija jekangkangan maneh. Nanging saiki malah nganti semaput, jalarandijejeli kalunge mau lan digeblakake ing meja kanggo dodol daging! Sing weruh mung plonga-plongo ora wani nulung. Pasar Pakisaji dadi geger maneh.

Weladalah.....jebul kalunge Bok Marija kuwi mung imitasi. Jambret sing rumangsa kapusan, atine mangkel lan ‘dendam’ marang Bok Marija.

Weladalah.....urip sing prasaja wae. Ora usah seneng pamer!

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun