Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Mas Karêbèt Putrané Ki Agêng Pêngging ( Babad Tanah Jawi )

26 April 2012   20:33 Diperbarui: 25 Juni 2015   06:04 1124
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1335446390495299793

Lairé Mas Karêbèt

Sawisé Majapait sirna ilang kêrtaning bhumi, Ki Kêbo Kênanga banjur lunga babad alas Pêngging ing sisih wètan èrèng- èrènge Rêdi Mêrapi. Apa kang ditandangi déning Ki Kêbo Kênanga marakaké wong-wong liya uga mèlu. Mula Pêngging dadi padhukuhan kang rêjo. Apa manèh sakwisé Ki Kêbo Kênanga sing wis ngrasuk agama Islam lan ngêdêgaké langgar ing kana. Ki Kêbo Kênanga banjur didadèkaké sêsêpuh dukuh ing kana kanthi aran Ki Agêng Pêngging.

Saya suwé, Pêngging dadi dèsa kang saya rêjo sing kacukupan asil têtanèn lan pakêbonané. Malah asilé bisa diêdol mênyang Dêmak Bintara. Mula Pêngging bisa diarani dèsa kang gêmah ripah loh jinawi tata têntrêm kêrta raharja. Kanggo pamuji syukur marang Gusti Pangeran Kang Maha Kuwasa, sawijining dina Ki Agêng Pêngging nanggap wayang bèbèr. Wong-wong dèsa padha kumpul ing ngarêp omahé Ki Agêng Pêngging. Sêmana uga kanca sak pêguron ing Sunan Kalijaga, yakuwi Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, lanKi Agêng Sêrang

Ing wayah têngah wêngi nalika wayang bèbèr wis mèh bubar, Nyai Agêng Pêngging sing lagi ngandhut krasa nglarani banjur babaran. Putran é lanang, banjur diwénéhi jênêng Mas Karêbèt. Ki Agêng Tingkir sing ngancani Ki Agêng Pêngging wêruh yèn putrané Ki Agêng Pêngging bocah lanang banjur ngêndika yèn Mas Karêbèt bakal madêg dadi ratu. Ki Agêng Pêngging rumangsa bungah atiné lan nyuwun marang Gusti Kang Murbaning Dumadi apa kang diaturaké Ki Agêng Tingkir bisa dadi kasunyatan.

© den mas ukik.ft

Sêpasar sakwisé lairé Mas Karêbèt, Ki Agêng Tingkir sèda. Pawarta kang kaya ngono kuwi marakaké susahé Ki Agêng Pêngging sing wis kaya sêdulur sinara wèdi.

Ki Ageng Pengging seda.

Saya ramene lan makmure Desa Pengging keprungu dening Sultan Bintara ing Demak. Banjur Sultan Bintara utusan Sunan Kudus menyang Pengging kepingin weruh saka Ki Ageng Pengging dhewe kepriye kabare, merga wis meh rong tahun ora nate sowan menyang Demak. Pengging pancen klebu wewengkon Kraton Demak, mula Sultan Bintara duwe surasa ora jenjem kaya-kaya Pengging arep mbalela saka Demak.

Tekane Sunan Kudus sing dikancani prajurit pitu, marakake kagete Ki Ageng Pengging. Apa maneh anggone paring dhawuh sajak adigang, adigung, adiguna sing marakake salah tampa. Banjur padha padu lan sulaya sarta ngunus kerise. Pungkasane Ki Ageng Pengging dikrubut para prajurit Sunan Kudus dadi lan tiwase. Desa Pengging dadi geger. Wong sadesa banjur padha sikep gegaman nututi Sunan Kudus sing marakake patine Ki Ageng Pengging sesepuhe Desa Pengging. Dasar Sunan Kudus wong kang duwe kasekten, para warga desa ora wani campuh karo prajurit sing mung ana pitu mau.

Wong desa padha bali, banjur layone Ki Ageng Pengging dirukti lan disarekake kanti rasa prihatin banget. Nyai Ageng Pengging atine kelara-lara, ora nyangka tumindake para prajurit Demak lan Sunan Kudus sing diutus dening Sultan Bintara. Nyai Ageng Pengging saya lungkrah. Petang puluh dina, sakwise slametane Ki Ageng Pengging lungkrahe Nyai Ageng Pengging saya nemen. Banjur seda.

Mas Karebet dadi bocah lola. ooooo

Ereng-erenge Redi Meru – wayah tengangi

Rabu Wage, 5 Jumadil Akir 1945

Disadur dening© Mas Ukik saka Babad Tanah Jawi.

Penerbit lan tahun terbit ora diweruhi.

Nyuwun duka gambaripun mboten sami kaliyan critanipun, namung saderma ‘ilustrasi’ kemawon. Maturnuwun.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun