Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Bhumi Nuswantara Sang Badranaya

13 November 2013   17:35 Diperbarui: 24 Juni 2015   05:13 547
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bang-bang wetan sinorot anyunari gumelaring ibu pertiwi inggih padhukuhan Karangkedhampel, inggih kasembat Karang Tumaritis, inggih Klampis Ireng.

Dipun wastani Karangkadhampel amergi kasinungan bhumi subur. Sugih wulu wetu pala gumandhul, pala kesimpar, pala kepedhem, ugi palawija satemah hanggesangi jalma sadhusun.

Sinebat Karang Tumaritis, kathah toya pancuran ingkang tinalangan mijil saking sendhang utawi telaga.

Sinebat Klampis Ireng, amergi wonten tengahipun padhukuhan wonten wit klampis ingkang kulitipun cemeng utawi ireng.

Tepining padhukuhan wonten sanggar pamujan limasan sirapsepuh kang wus sirep. Singep kayu sengon kang wus saumur, gebyog papan kayu mindhi linabur pethak saking gamping. Cenhedla cekli kang saged damel mlebetipun bayu saking redi ingkang mbegegeg wonten wetan wukir. Kori kupu tarung ingkang datan inep kagem sinten kemawon ingkang badhe semedi damel karaharjanipun jiwa atmaja.

Wonten madyanipun sanggar pamujan kumebul keluk dupa. Ki Semar inggih Sang Badranaya, Kyai Ismaya, inggih Janggan Smara saweg lenggah sedhakep ngeningaken cipta nyuwun kasantosanipun bhumi Nuswanrata ugi narendra, sadaya praja sentana kaliyan warga.

Wonten pungkuripun Sang Badranaya, para peputra asebut Gareng, Petruk, ugi Bagong ndherek lenggah sedhakep angeningaken cipta nyuwun kasontosanipun gesang ugi tinebihaken saking lir sambikala dumateng warga padhukuhan ugi bhumi Nuswantara.

Sang Badranaya namung tansah memuji wonten ngarsaneGusti Ingkang Makarya Jagadugi Gusti Kang Murbaning Dumadi tansah peparing suburing siti palemahan ugi pategalan. Jagung pohong ledhung-ledhung. Lombok terong robyong-robyong. Kacang, sawi, lan palawija ijo royo-royo. Damen lan pari tansah ngawe-awe gawe tekane bangsa manca kang padha kekareb hangrungkebi Nuswantara.

Hananging Sang Badranaya kados-kados badhe netesaken waspa ningali narendra, para nawala, kaliyan pamongpraja ugi para pandhita mboten saged dados raja pinandhita.

Bhumi Nuswantara kang gemah ripah loh jinawi namung pengarep-arep……

[caption id="attachment_277800" align="aligncenter" width="283" caption="Sang Badranaya Foto: wayangku.com"]

13843388781847664281
13843388781847664281
[/caption]

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun