Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Asal-usule Tembung Gedhang

4 Mei 2014   14:11 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:53 345
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1399160625977444029

[caption id="attachment_305933" align="aligncenter" width="338" caption="Gedhang ijo lan wit klapa ing mburine."][/caption]

Pisang….pisang…… Mangga Bu pisange…… pisang ijo, pisang raja, pisang susu nggih wonten…..” tawane Mbok Sarinten marang ibune bocah-bocah sing lagi nyapu latar.

“Hlo … bakulipun kok tawa pisang ta Bu? Kok mboten Gedhang? Pisang niku lak Basa Indonesia?” pitakone anakku sing wuragil.

“Sing bener basa Jawane pancen pisang, dudu gedhang…..?” wangsulane Ibune bocah-bocah.

“Hlo kok ngonten…..?” Anakku sajak bingung.

0 0 0 0 0

Ana sing ngomong pisang kuwi Basa Indonesia, nanging uga ana sing kandha yen gedhang kuwi Basa Jawa ngoko. Sakweruhku sing bener kuwi ya gedhang. Dudu pisang. Bakul nawakake nganggo tembung pisang supaya bisa ditampa karo sapa wae sing ngrungokake lan bakal luwih payuh akeh.

0 0 0 0 0

Nanging ana crita kaya mangkene

Ing Kebon Agung ana wong Landa sing jenenge Tuan Moore duwe kebon tebu kang amba banget. Saben dina dheweke tansah dikancani karo salah sijine jongose kang aran Soedjati mlaku-mlaku ndeleng kebon tebune sing kerep dicolongi wong desa sing uripe pancen ketlarak lan sangsara merga tansah dikuya-kuya bangsa Walanda.

Nalika ana ing tengahing kebon, dumadakan udan lan ana bledhek! Kahanan kaya mangkono marakake kaget lan wedine Tuan Moore. Sakloron, Tuwan Moore lan Kangmas Soedjati banjur golek papan kanggo ngeyub lan supaya ora disamber bledhek. Banjur  ndhoprok lan ndhepis sangisore wing pisang ijo lan pisang gajih.

Bledhek pating jledhar-jledher sing gawe girise atine Tuan Moore. Hla dasar Soedjati jongos ndableg tur kerep nang kebon utawa sawah, mula sanajan udan deres mung glegas-gleges ora wedi. Malah mesam-mesem nalika ndeleng Tuan Moore sing ndemimil ndonga supaya slamet ora disamber bledhek!

Nalika ndemimil donga, mara-mara mak juuuueeeedherrrrrrr……… banjur bruuuuaakkkk….. ana blarak rutuh sacedhake Tuan Moore lan Kangmas Soedjati ngeyub. Rupane wit klapa ijo ing cedhake disamber bledhek nganti sempal. Tuan Moore kaget setengah mati lan pasuryane ( rupane utawa dapure ) katon pucet kaya kethek dipupuri!

Udan wis rada suda, bledhek lan kilat wis ora ana maneh. Tuan Moore katon lega. Banjur ngadeg lan nyekel pisang sing gumanatung uga ndhangak karo ngomong rada seru: “God, thanks…..God, thanks…..” Sajake Tuan Moore ndonga ngaturake sembah nuwun marang Gusti yen isih slamet ora disamber bledhek!

Nanging Kangmas Soedjati, rupane duwe penganggep liya. Dianggep Tuan Moore kuwi ngomong ‘ge….dhang….. ge….dang….’

Nalika tekan omah lan desa Kangmas Soedjati crita marang kaluwargane lan tangga-tanggane yen pisang kuwi padha karo GEDHANG……..

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun