Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Anggarap Sari, Nalika Kembang Wiwit Mekar

4 Oktober 2015   15:49 Diperbarui: 4 Oktober 2015   18:08 874
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

 1973. Desa Karangjepun
Panase srengenge sumelet sanajan mendhung gumantung ing langit lan sumilire angin saka kidul mertandhake yen arep udan, sak ora-orane arep grimis. Kilat sesautan kaya-kaya arep ana bledhek sing arep nyamber gubuk anggonku lungguh sakwise mancing welut kanggo lawuh mangan mengko sore. Dak deleng sawah kiwa tengen wis katon ora ana wong babar blas. Padahal biasane Mbok Santun lan Wak Atim mulih kari dhewe. Mbuh, geneya aku saiki rada giris karo kahanan kaya ngene.

Mula aku ndang bali. Kareben slamet saka sambere bledhek sing bisa wae nyaut tanpa diduga, aku mlaku galengan sapinggire wangan isor barongan. Sajane aku wegah liwat kono, jalaran rungkut akeh erine lan sering ketemu ula. Nanging sing marahi nggegirisi, barongan ing kono dianggep wingit merga nurut critane Mbah Min ing taun 48 ing kono ana wong sing dianggep telik sandine Walanda sing dipateni karo para muda pejuang nalika iku.

Isih kira-kira rongatus meter aku mlaku, dumadakan ana bluluk garing rutuh keterak angin sing nibani cengelku. Mesthi wae aku kaget, njenggelak mlayu lan keplorot tiba ing wangan. Awakku lan clanaku dadi bletotan endut campur telek bebek sing biasa diangon Lek Sardi ing kono.
Sajrone ati aku misuhi awakku dhewe kok yo nemen temen olehe bodo lan keweden. Padahal ing desa iku aku dianggep arek sing paling kendel. Karo ndrememeng aku mlaku mangetan menyang kucur arep ngresiki awak utawa adus pisan. Kucur kuwi pancuran banyu sing milih saka sawah sing panggonane luwih dhuwur saka sawah isore. Kucur iki biasane kanggo wisuh para tani sing mentas makarya ing sawah. Jalaran tanduran pari akeh sing wis diwatun nanging durung ngembang mula arang para tani sing menyang sawah. Mung kadang kala para bocah lanang sing ba mincing welut padha dolanan ing kono.

Kanti setengah mlayu aku menyang kucur. Sepira kagetku, nalika tekan kucur dakdeleng ana bocah wadon ndoprok nanging ora wesuh utawa adus. Jalaran aku arep wisuh, mula ora ngalih. Ngenteni sangisore wit rukem. Rada suwe ngenteni kok ya ora mari-mari banjur aku nyedhaki. Weladalah, bocah wadon kuwi jebul kancaku Sri Asih sing rong sasi kepungkur rabi. Rupane katon pucet keweden banjur ngomong: “Kik, tulungana aku…. Memekku getihen!”
Aku sing kaget tambah kaget lan bingung plonga-plongo. “Memekmu dicokot ula ta?”

“Enggak-i, embuh kenek apa?” kandhane Sri Asih karo nduduhna kathok njerone sing jlibrat getih.
Karo setengah keweden setengah kaget setengah ndlongop setengah ngiler aku pesen,”Wis entenana ndek kene, aku dak nyeluk Bulik Pingi.”
Bulik Pingi kuwi tanggaku nanging kaya ibuku dhewe. Para bocah sadurunge dolan ing sawah utawa arep ngasak kacang biasane mampir ning omahe. Malah-malah kerep diwenehi mangan sanajan mung lawuh iwak asin lan kulupan manisa utawa kangkung karo sambel oyek.
“Bulik…Bulik… Sri Asih mular ten kucur merga memekipun getihen, padahal mboten tiba, mboten dicokot ula napa kecokrok.”
“Walah awakmu kok ya weruh ae to? Wis aja bareng adus maneh. Sri Asih saiki wis gedhe lan wis rabi.”
“Mboten kok. Wau kula saking mancing welut.”
“Ndi welutmu?”

“Waduh kantun ten kucur…..!”
“Haraaaa…. aja-aja kowe mblakrak!” ature Bulik Pingi karo mesam-mesem.
“Mboten Bulik…. Saestu!”
“Wis ayo kancanana aku menyang kucur,” kandhane Bulik Pingi karo nyaut kathok njero sing lagi dipepe ing sampiran kiwa omah.


Tekan cedhak kucur, aku dikongkon ngenteni. Bulik Pingi nyedhaki Sri Asih sing isih ndoprok keweden. Embuh apa sing diomongake lan ditandangi sakloron. Bareng rada suwe, kekarone metu. Sri Asih rada sumringah nanging rada isin weruh aku. Aku mung mesam-mesem kaya dene Bulik Pingi sing nglirik aku bingung.
Saturute dalan nalika mlaku Bulik Pingi kanda:

“Ngono kuwi diarani nggarapsari utawa wong saiki ngarani datang bulan. Kuwi tandhane bocah wadon wis mancik diwasa. Hla awakmu durung nggarapsari wis dirabekno karo Emakmu. Saiki kudu umbah-umbah, masak, bengi kudu ngeloni bojomu. Ya gak? Emakmu pancen wong ora ngerti….”
“Hla awakmu kok gelem dikongkon rabi…” sautku kemlenthus.
“Asih ya ora ngerti to Kik. Coba ngerti ya bakal ora gelem lan sekolah kaya awakmu.”

Tekan omahe Bulik Pingi aku lan Asih ora oleh mulih dhisik banjur dikandhani bab garap sari urip bebrayatan malah uga saresmi.
“Satemene bocah wadon ora oleh rabi yen durung tau nggarap sari. Merga durung diwasa. Mula kadhang nalika saresmi sepisanan bocah wadon rada kelaran utawa keweden nganti memek-e metuh rah-e. Dene yen wis diwasa ateges wis siap lair batin ora keweden ya ora bakal kelaran nganti metuh getihe.”
Bulik Pingi, pancen salah sijine wong tuwa ing desaku sing diajeni. Sanajan mung lulusan sekolah rakyat jaman kalabendhu nanging nduweni sikap among. Mula akeh bocah sing kerep dolan nang omahe.
Merga pituture Bulik Pingi, aku dadi ngerti. Semono uga Sri Asih dadi tambah ngerti, sanajan dheweke wis rabi. Nanging rabi merga dijodokake wong tuwane nalika Sri Asih isih umur telulas taun.
2015

Sabtu Kliwon wingi aku marani Bulik Pingi sing isih sugeng. Aku dolan rana jalaran Jemuwah wingi ngalami maneh kedadeyan sing kaya ndhisik nalika muridku wadon semaput gegara ora ngerti yen nggarapsari sepisanan. Dheweke kaget, wedi, lan semaput ing ngarepe jedhing.
Nalika ibune ditimbali menyang sekolah, ibune ngaku yen durung nate nerangake bab nggarap sari.
Jaman wis maju, nganti seprene wong tuwa kok ya isih pekewuh nerangake bab seksualitas marang putra-putrine sing malah oleh kawruh saka majalah, koran, tabloid, internet, kanca, uga wong liya sing dudu mesthi bener.
Kados pundi para Bapak Ibu ingkang sutrisno?

Edisi Bahasa Indonesia.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun