Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Aja Dumeh! Jangan Sok!

9 Juni 2013   18:32 Diperbarui: 24 Juni 2015   12:18 1544
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption id="attachment_247847" align="aligncenter" width="497" caption="Nalika roda ing ndhuwur, Sarwa kepenak...."][/caption]

Urip kuwi kaya roda manggilangan. Tansah muter manut lakune wektu. Kadang ing dhuwur utawa melaku mendhuwur, kadangkala mangisor utawa mlaku mengisor.

Nalika mlaku mendhuwur utawa nalika ana ing ndhuwur urip tansah kepenak. Ora tau kekurangan, malah bisa dianggep tansah linuwih. Ora tau kabotan malah bisa dianggep apa wae sing ditandangi dadi gampang lan enteng.

Dagang tansah bathi. Nandur utawa tetanen ora tau paceklik. Ingon-ingon tansah ndadi. Ngingu sato iwen endhoge akeh, netes dadi kuthuk lan meri. Pitik lan bebeke saya tambah akeh. Ngingu rajakaya semana uga. Sapi, kebo, lan wedhuse tansah nglairake pedhet, gudel, lan cempe. Ora tau nandang lelara. Kudanan ora sumer. Kepanasan ora sumuk. Tiba ora kelaran malah ora catu. Meneng thenguk-thenguk jagongan ing pendhapa, ya ana sing ngirimi panganan utawa aneh sing aweh-aweh. Urip sansaya raharjo lan mulya.

Nanging aja dumeh kepenak banjur sakkepenak dhewe. Aja kaya kere munggah bale. Kacang ninggal lanjaran. Lali samubarang apa wae. Gusti Kang Murbaning Dumadi dalah Allah SWT dilalekake. Merga netra kang katutup ramene donya bisa dadi blawure galih, sing marakake kesandhung lan jlungup ing kanistaning urip. Kaya rodha ing ngisor sing tansah ketula-tula.

Dagang kerep rugi utawa diakali liyan. Nagih utang kaya wong ngemis. Nandur pari gabuk. Nandur palawija dipangan ama. Ngingu sato iwen ora ndadi. Pitike digondhol rase. Kuthuk digondhol garangan. Bebeke ora tahu ngedhog, jalaran nalika digawa menyang sawah utawa kali lagi asat merga ketiga suwe. Ngingu rajakaya kangelan golek pakan utawa suket. Paceklik ora ana mandhege. Meneng sinambi dedonga supaya bisa oleh dalan kanggo ngupaya kaharjaning urip, diparani liyan malah dijaluki utang! Mlaku budhal nyambut gawe, kesandhung krikil wae banjur tiba dadi lara. Kaya-kaya wong ora ngati-ati utawa ndlenger wae. Urip kaya ora ana kepenake, tansah nandang kesusahan.

Urip sakmadya uga tansah eling lan waspada nalika urip mulya utawa lagi nandhang sengsara kuwi laku utama kang bakal marakake karahayon lan kasantosaning urip.

o o o o o o o

[caption id="attachment_247848" align="aligncenter" width="558" caption="Roda ing ngisor. Tansah kesusahan ....."]

1370777498628978221
1370777498628978221
[/caption]

Weladalah.....ngomong apa ta iki?

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun