Makarya kuwi saderma ngupaya upa ora kanggo numpuk donya brana sing bakal sirna sakedepe netra.
Urip mulya bakal kelakon yen tansah welas asih marang sapadha-padha kanthi tumindak becik kang dadi renaning sakabehing titah.
Laku durjana mung gawe gelaning liyan uga tandha laku cidra paugeran kang katampa saka Gusti Kang Murbaning Dumadi.
Urip sakmadya narima ing pandum dudu ateges pasrah kang bakal tinampa nanging ora ngaya.
Bantera kaya ngapa olehe mlaku yen dhewekan ya ora kepenak. Alon waton kelakon bebarengan anggayuh kamulyan bisa nyingkirake sambikala. Anggandheng sing ora isa rikatan luwih becik tinimbang maido sing marakake crah.
Dokumen pribadi.
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!