* Edisi Bahasa Indonesia (scroll) di halaman 2.
Tengah wengi watara jam setengah siji wengi utawa 00.30 sepur kluthuk (sepur endas ireng) saka Malang wis tekan setasiun Gombong. Mandhege mung sedela jaluran mung ngenteni sepur saka  Jakarta arep liwat dhisik utawa simpangan.
 "Gage ndang mudhun sepure arep budhal maneh," jare Bapak karo setengah nyeret aku sing isih kriyep-kriyep ngantuk.
Tekan ngarep lawang sepur aku langsung mencolot. Gedebug! Dhug! Aku tiba lan mbenthuk kayu bantalan rel sing ana ngarepku. Dak kira endhek jebul dhuwur. Bathukku langsung bendhol sak jempolan. Arep nangis kelaran isin karo adhiku sing mrenges.
 "Lungguha kene ndhisik karo njaga adhimu. Bapak dak nyeluk dokar," ature Bapak terus metu saka setasiun golek dokar.
Suwe olehku ngenteni karo ngrasakna larane bathuk, dene adhiku wis keturon maneh. Mripatku kriyep-kriyep rasane aku kudu melu turu, nanging adheme tengah wengi apa maneh gerimis marakake aku ora isa merem.
Gerimis saya kerep, adhem saya njekut. Swasana setasiun Gombong sing cilik lan kiwa tengene isih pategalan rungkut dadi sansaya peteng dhedhet. Nalika nyekukrus kadhemen dumadakan krungu swara manuk bence muni rada banter saka pategalan kidul setasiun.Â
Culi...culi...culi...culi...unine. Aku kelingan ceritane Nyai Munah buyutku, yen ana manuk bence utawa manuk culi muni kuwi tandhane ana pocongan liwat njaluk tulung mbukak utawa nguculi tali poconge. Jalaran si pocong wis ora bisa ngomong maneh mulane nyawane mlebu ragane manuk bence banjur muni: uculi...uculi...uculi...uculi...
Aku ora jirih nanging ya tetep rada wedi sapa ngerti pancen ana pocongan lewat banjur marani aku njaluk tulung dibukakake tali poconge. Pategalan rungkut kidul setasiun dak penthelengi menawa pocongane katon. Â Nalika clingukan kepingin weruh pocongan dumadakan krungu swara: kriyeeeeeet..... Aku langsung mengkeret, merem, lan sendakep dengkul. Sumilire angin rada suda nanging adheme swasana kang nggegirisi ngilangake rasa ngantukku sing kepingin turu ing kursi setasiun.
Sepira legaku manuk bence ora muni maneh, menawa pocongane mlumpat-mlumpah menyang desa. Aku ndhangak maneh. Wis ora grimis. Mung sumilire angin sing marakake godhong gedhang padha obah katon kaya kaya wong kang lagi jogged rangin nalika ana tayub.
Durung suwe olehku mandeng wit gedhang sing jejogedan, krungu swara maneh: kriyeeeeet.... Aku langsung mengkeret maneh. Nalika arep merem dumadakan cengelku krasa adhem ana sing ndemok.