Durung bar olehku nata gambang, suling, demung, rebab, kendang, lan slompret kanggo sesekaran macapat padhang bulan mengko bengi ing ngarep omah, Sumirah wis teka banjur melu nata. Dak rungokake, kanthi rengeng-rengeng Sumirah nembang Wuyung. Aku mung mesem sajroning ati melu ngrasakake apa kang lagi dirasakake Sumirah.
"Kadingaren wis teka ..." sapaku karo nglirik Sumirah sing katon rada lesu.
"Mumpung damang Mbah..."
"Sida nari Gunung Sari to.... Duduhna yen sliramu pancen isih prigel. Apa maneh Dwi Kelana mengko ya teka jarene arep nari Kelana Topeng."
Sumirah meneng wae. Banjur lungguh ngedhep gambang lan nembang asmaradhana. Swasana surup padepokan sing kena semburate candik ala saya krasa angles.
"Sajake ana wigati?"
"Niku lho Mbah....bab Kang Waskito..."
"Aku ngerti, yen dheweke isa nggambang mesthine ya kepingin nyuling. Mokal yen mung nyawang sliramu nanging ora gelem nyandhing."
"Nanging ngantos sakmenika kok dereng sowan mriki namung nyerat wonten WA mawon."
"Aja kaget, wong lanang kuwi ana sing cilik ati. Karepe nyanyi kroncong nanging isane campursari."
"Tegesipun?"