Dening Anjrah Lelono Broto
(Sebuah cerkak (cerpen berbahasa Jawa) dimuat di rubrik JAGAT JAWA di Harian Solo Pos, edisi 08/01/2015)
[caption id="attachment_363778" align="aligncenter" width="300" caption="Foto cetak halaman Solo Pos edisi 08/01/2015 yang memuat cerkak iki (Copyright: Impian Nopitasari)"][/caption]
“Mas Bandeng wis teka..”
“Endi?? Endi?”
“Kae, topian laken,”
“Matakacaan ireng?”
“Byuh, persis mbahne Den Kemetir kae,”
Swara pating clebung nututi jangkahku mlebu menyang pundhen Canggah Drona. Wong-wong sing ngebaki plataran pundhen padha miyak, menehi dalan. Apa ngene iki nalika segara mati miyak menehi dalan sawise kethuthuk tekene Nabi Sulaiman, grenengku jroning batin.
Laken kang mayungi sirah dakblesegake. Jangkahku manteb mlebu plataran pundhen. Kayadhene kandhane Mbah Singo bengi mau, srandhalku gage dakcopot terus dakgepuk-gepukne lawang pundhen kaping pitu, lagi aku mlebu menyang pundhen cinungkup kuwi.
Ting clebunge swara warga Desa Pagal sanjabaning pundhen saya ilang ing kuping, kari siji loro swara kemelisik saka pener wong-wongku kang dakpercaya ngerigne warga Pagal ing pundhen, esuk iki. Saka walike kacamata irengku, daklirik Trisno dalah Lik Gir ibut nata warga ing plataran pundhen. Andahane uga katon trengginas ngedum banyu gelasan tamba ngelak lan rokok. Kembang tebu mekar jroning ati, ora salah aku menehi kepercayan marang wong loro kuwi.
Aku nuli musatake pikirmarang makam Canggah Drona sangarepku. Daklempit sikilku, sila ngedepes, laken lan kacamataku dakcopot. Aku pengen khusyu’ ndongakake sumare Canggah Drona lan nyuwun idi pangestune kanggo macung lurah Desa Pagal. Laku iki wajib kudu daktempuh minangka syarat supaya entuk pangestu saka Canggah Drona, priyayi kang mbiyen mbabad Desa Pagal iki, mengkono kandhane guru spiritualku Mbah Singo.
Mripatku dakeremake. Ambeganku daktata alon. Nuli lambeku umak-umik ngrapal donga puja marang Canggah Drona. Sakjane aku radha lali rapalan saka Mbah Singo, ana siji-loro ukara kang ketriwal, nanging aku yakin Canggah Drona rak ya mangerteni isen-isen atiku. Dadi, senadjan ora jangkep, Canggah Drona gelem maringi pangestu marang krentegku jejer wong nomer siji mimpin anak putune ing Desa Pagal.
Sakungkure, aku metu saka lawangan. Warga Desa Pagal kang kurang luwih ana wong telung atusan mapag ing plataran pundhen. Laken lan kaca mata ireng bali cementhel ing ing awakku. Sak pojokan plataran, katon Trisno menehi kode marang andhahane ing sisih kiwa lawangan, daktoleh wis ana wong nganggo kaos sragam bal-balan rikat nyedhak karo nyangking megapun ing pundake. Akutanggap. Aku kudu menehi pidato marang calon wargaku.
Mik-e megapun daksebul, ngecek. Daksawatake pandelengku sakwalike kacamata marang warga Desa Pagal kang jejel riyel ing plataran pundhen. Saka pojok-pojok, nuli pandelengku ngener ing ngarepku. Mripatku natap wong tuwa-tuwa, ibu-ibu nggendong anak, uga bocah-bocah kelas telu-papat es-dhe. Ana sing cemuwat-cemuwit nyebut jeneng parabanku “Mas Bandeng”, nanging gage diwenehi tandha andahane Trisno lan Lik Gir supaya meneng.
“Asalamualaekum warohmatulohi wabarakatu…” atiku sakkala mekrok kaya kembang nalika warga Desa Pagal ing plataran pundhen esuk iki njawab salamku kanthi bantas, “Sedulur-sedulur Pagal kang daktresnani, aku Riyanto, nyuwun mblebere samodra pangapura saka sedulur Pagal. Amarga ing esuk iki, aku wis njaluk kringete satetes sampeyan-sampeyan kabeh… Sampeyan gelem melu teka ing pundhen Canggah Drona lan melu ndongakake kekarepanku macung lurah wulan ngarep, kanggoku, kanggone Riyanto kuwi larang banget,” saka pojokan Lik Gir gawe tandha jempol ing dhadhane.
“Wis wayahe Pagal dipimpin wong sing bisa majokake desa, wong sing kaweruhan tedhak turunane, lan wong sing siyap ngurbanake kadhuwehane kanggo Pagal kang luwih kinurmat ing tlatah kene. Lurah kang saiki wis becik olehe nata Pagal, nanging luwih becik maneh saumpama pawongan kaya Riyanto sing jejer lurah Pagal, ora kaya kasun dongkol kang awake ngiyeyet kaya manuk jalak acucuk mbleset,”
“Leres, Mas…”
“Inggih,”
“Mathuk kuwi!!”
Siji loro bapak tuwa ing plataran pundhen Canggah Drona mbenerake isi pidato, akukaya diububi. Sawise nyedhot ambegan dawa, aku nutugake andharanku, nanging daklirik Lik Gir menehi tandha supaya aku ora kebacut-bacut ngelek-elekake kasun dongkol kang uga macung lurah ing Pagal wulan ngarep.
“Senadjan, wong-wonganku menehi tandha supaya aku ora nyandra ala Matroji kasun dongkol, nanging dudu Riyanto yen ora ngomong apa anane. Sedulur-sedulur Pagal kang daktresnani, saiki Riyanto takon marang sampeyan-sampeyan kabeh, Matroji kae rak ya ngiyeyet kaya manuk jalak acucuk mbleset ta?”
“Nggih…” koor unine swara ing plataran pundhen.
“Matroji kae rak ya ora nggenah tedhak turunane, sedulur-sedulur?”
“Nggih…”
“Mula, wulan ngarep, sampun lali, mung Riyanto siji kang pantes pinilih jejer suhing pamarintahan Pagal limang taun maneh. Nggih napa mboten?”
“Nggih…”
Mekroke kembang atiku saya amba, aku saya semangat nutugake pidatoku.
Swara keplok mawaruhan warga Desa Pagal kaya arep ngrubuhake bangunan tuwa pundhen kuwi nutup pidatoku. Trisno kang menehi komando keplok, gage menehi sasmita supaya keploke warga Desa Pagal aja nganti pedhot. Nalika jip willys-ku ninggalake keluk ing plataran pundhen Canggah Drona, andahane Lik Gir lan Trisno gage ngedumake amplop-amplop isi dhuwit sepuluh ewunan.
*****
“Mas Bandeng, sampeyan ki mbok ya ngerem lambe sithik ta?” grenenge Lik Gir sawise nyruput gelas bir.
Guyuku pecah ngebaki ruwangan karaoke, “Sampeyan ki pancen tuwek kaya umur sampeyen, Lik. Ora salah uga sampeyan diparabi Lik Bathang. Aku pancen ora bisa ngempet pengen ngejrot-ngejrotake kasun dongkol kuwi,”
“Aku ngerti, Mas, tapi ngono kuwi bisa marahi wong-wong malah gething karo sampeyan. Pancen pendukunge sampeyan tambah seneng yen weruh eleke mungsuh. Nanging wong-wong Pagal sing dhurung nemtokake pilihan, ora malah ambyuk menyang sampeyan lho…” aku ndhengengek, lambeku sing uga arep nyruput bir jroning gelas sakala wurung. “Wong Jawa kuwi malah ora simpati yen weruh wong ngelek-elekake liyan, iki kudu dicathet lho, Mas. Aja nganti lakon lurah-lurahan ing Karang Sembungan, Mlagen, lan Pacar Keluk kedadeyan maneh,”
“Eh, Lik Bathang, Pagal dudu Karang Sembungan lan liya-liyane kae. Pagal iki tanah klairanku, simbah buyutku, bapak ibuku, urip ning Pagal. Yen nganti warga Pagal nglalekake lelabuhane Mbah Kemetir, kuwi kebacut arane,” sautku sengol. Glek-glek-glek. Banyu bir gage nelesi gorokanku.
“Nanging manungsa kuwi kudu sinau saka lakon sing wis mungkur. Kenengapa sampeyan bisa gagal macung lurah ing Karang Sembungan, Mlagen, lan Pacar Keluk kudu dievaluasi nganggo kepala dingin, Mas,”
“Lambemu, Lik. Atase es-dhe ora nutug wae lincip men omongane,” sautku radha guyon, aku ngerti Lik Bathang wong kepercayaanku kang nomer telu iki lagi serius. Lik Gir ngguyu amba mamerake untune sing wis ora jangkep.
“Aku rak ya mung niru neng sinetron-sinetron kae ta, Mas,” tangane ngepuk-epuk pundhakku, wong iki pancen meh ngentekake umure dadi rewang ing keluwargaku. Wiwit cilik diemong bapak, diajari ngrumat sapi lan wedhus nganti saiki.
“Pokoke, aku kudu dadi lurah, Lik. Mosok putune kemetir, dadi lurah wae ora bisa, apa maneh mungsuhe mung Matroji ngiyeyet sing ora ana wibawane babar pisan kuwi. Ndhisik, bisa dadi kasun kuwi rak ya mung amarga dheweke kuwi sregep ngathok menyang lurah saiki ta? Wong neneka sing kabur-kanginan ora nggenah bapa biyunge kaya Matroji ngono kuwi ora pantes nglurahi Pagal. Desa iki bisa ora diurmati warga kiwa tengen yen dipandhegani Matroji,”
Sakdhurunge aku nutugake kojahku, Trisno mbukak lawang ruwang karaoke, samburine ana bocah wadon telu nganggo klambi methehet.
“Slow down dhisik, Mas. Nyamikane teka,” Trisno njeplak sakenane.
“Ngene lho, Lik,” tanganku ngarah menyang pernahe Trisno. “Senadjan diparabi Bekicot, nanging banter yen nyepakne nyamikan,”
Guyune wong telu, Bandeng-Bekicot-Bathang, ngebaki ruwangan karaoke. Kayadhene simbul nomer-nomer togel, amarga aku mesthi dadi nomer siji wiwit umbelen, Bapak marabi aku Bandeng. Trisno diparabi Bekicot amarga dadi wong kapercayaanku lan terus nginthil wae menyang ngendi jangkahku. Bekicot, kewan kang dadi simbul nomer loro jroning buku Huwaei. Semono uga Lik Gir, amarga dadi wong kepercayaanku kang nomer telu, dheweke diparabi Bathang. Nomer telu ing buku Huwaei kuwi rak simbule mati, mayit, utawa bathang. Apa maneh umure wes tuwa, dadi pantes yen sedhela engkas mbathang alias mati.
Bocah wadon telu saumuran es-em-a kuwi mrengut lelewa diarani ‘nyamikan’, nanging jangkahe alon ndhusel ing sofa. Salah sijine sing rambute dipotong ngebob gage nyandhak mik lan ngurupake vcd player. Sing rambute dawa lan bandoan abang langsung lendhetan ing pundhakku, “Suwe ora mrene, Mas, aku kangen. Duwe barang baru ya?”
Pitakone ora gage daksauti, mung pipine kang daksun alon.
“Apa aku ya ngangeni tenan,” pupuku disambangi jiwitan sayang.
“Ah, Mas Bandeng,” ngalem.
“Mas, mbok yen tanggapan cedhak-cedhak kene eling karo kita-kita…” sing rambute dipotong kaya penyanyi Korea nyauti.
“Oh, iya. Malem minggu, orkesku manggung neng lapangan kulone Mlagen, omonga Trisno Bekicot kuwi, dheweke wes nyekel sapa ae penyanyine mengko,” tanganku ngawe dheweke supaya nyedhak.
“Suwun, Mas, swaraku apik lho… Apa maneh yen nyanyi lagu-lagune Sagita…” dheweke gage ndhusel ing sisih tengenku, “Yen lagu-lagune Rita Sugiarto, dhurung wani, napasku ora nutut,”
“Iyo-iyo, aku paham, cah-cah anyaran ngene iki, atur ae karo Bekicot,”
“Mas, tetes banyu mata?” pitakone sing rambute ngebob.
Aku gedheg, lambeku mencep. “Suka-suka kok lagune ngaruara,”
“Hahaha,” guyune Lik Bathang kutah, “Anu, dhik, Prau Layar,”
“Kuwi rak senengane sampeyan, Lik, manut jragane wae. Lagu apa, Mas? Sauté Trisno.
“Nyidham penthol,” jawabku manteb.
“Sing ana endoge, Mas Bandeng?” janggute sing rambut Korea dakjawil.
Dadak hapeku ing meja, murub terus muter-muter. Dakinguk nomere sisihanku katon ngegla ing layar hape. Ora dakangkat panggilan kuwi. Hape kuwi nuli leren olehe muter-muter, ora suwe ana SMS mlebu. Nembe SMS kuwi dakwaca.
“Mas, anake ora gelem nggawe vario-e. Kegedhen jarene. Njaluk Yamaha X-Ride Yamaha. Piye?” mengkono unine SMS-e. Aku gage ngetik, “Diijolake wae, aku lagi momong Pak Camat, ra penak yen disambi nampa telpun,”
“Mas Bandeng iki nakal yen nggorohi nyonya besar,” sauté sing bandoan abang.
“His… Ra sah melu-melu,” aku radha mentheleng.
“Oke… nyidham penthol,” swarane Trisno nyigar swasana sing sempet kaku gara-gara SMS sisihanku. Lik Gir Bathang uga nuli ngadeg karo ngejogi bir ing gelasku. Sing rambut ngebob gage ngobahake bokonge karo nyekeli mikropun. Sing rambut Korea keplok-keplok ngramekake swasana. Trisno uga melu jejogedan, tangane nyandhak sing bandoan abang, ninggal aku karo sing rambut korea ning sofa.
Lagu ‘Nyidham Penthol’ ngiringi senenge atiku ngrasakake swarganing donya.
*****
Brakkkkkk…..
Hape ing tanganku mabur ngliwati meja, ngliwati kursi, ngleyang nuju Trisno sing ngejejer ing tembok. Swaraning spiker saka bale desa terus ngunekake angka loro. Kamangka kopyokan nomer urut jroning lurah-lurahan Pagal iki, aku oleh nomer siji. Trisno njepiping kaya Bekicot kate disate, dheweke ndhiluk ora wani nyawang raiku sing embuh saiki wernane kaya apa.
“Sabar, Mas, saiki jam piro? Etung-etungan swara dhurung oleh separo,” Lik Gir nyoba nggedekake atiku. Tangane ngrogoh hapene saka sak klambi, SMS saka andahane sing stand by ing bale desa Pagal diduduhake aku, “Hadir coblos 2.356 suara, Bandeng 42 suara, Inkamben 208 suara, Matroji 186 suara. Laporan jam 02.12,” lambene Lik Gir maca SMS.
“Jam piro, semprul, Lik!! Mosok oleh swaraku kacek adoh karo lurah lawas lan Matroji,”
“Dhurung separo etungane, Mas, sabar…” Lik Gir mbaleni omongane.
“Mari ashar, sawise adzan ashar, pacekmu Cah Nggantheng,” Mbah Singo sing uga lungguh ing mbale omahku kuwi ngegongi.
Ambeganku wiwit mudhun, Mbah Singo daksawang jero ngarep-ngarep benere omongan. Praen sepuh sing digandoli jenggot putih kuwi nyithak esem, atiku wiwit nicil ayem.
“Piye, Mas, menyang bale desa saiki?” pitakone sisihanku.
Daksawang wanita sing wis nglairake telu anakku kuwi kanthi landep, wanita kuwi nuli ndhiluk, kaya ana sing digoleki ing jogan mbale omah. “Mengko sik, mari ashar ae, yen swaraku wiwit munggah ae,” akhire aku nyaut.
Nanging, nganti kliwat ashar, nganti kliwat maghrib, nganti kertas swara pungkasan dietung dening panitia pilihan lurah Desa Pagal, sing nyoblos nomer urut siji jumlahe panggah sangisore lurah lawas sing macung maneh lan Matroji. Senadyan sirahku kaya dibyuki lumpang watu sewu, nanging aku ora nggeblag semaput. Dudu Bandeng arane yen kudu tiba semaput gara-gara bab ngene iki.
Kanthi isih nata ambegan sawise krungu saka speaker bale desa yen kertas swara pungkasan wis dietung, aku ngawe Bekicot lan Bathang. Kekarone kanthi wedi-wedi nyedhak. Dakbisikake alon marang kekarone, “Iki mesthi ana sing ora beres. Lurah lawas iso dadi maneh ki mesthi nata wong-wongane neng panitia, Matroji mung digawe bemper ben ra ngetarani nemen-nemen. Iya pa ra?” Bakicot karo Bathang manthuk mbenerake, “Aku pengin nuntut pilihan ulang, yen ora iki dakgawa nang pengadilan!!”
“Telpun Mas Kaspul pengacara, Mas!!” Trisno nyauri isih wedi-wedi.
“Iyo, iyo, cepet!!!”
Aku ora bisa trima. Bandeng kuwi nomer siji, kok bisa kalah.
---- 000 ----
Padepokan Girilusi, 28 Desember 2014
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H