Mohon tunggu...
Anjrah Lelono Broto
Anjrah Lelono Broto Mohon Tunggu... Freelancer - Penulis

Penulis freelance

Selanjutnya

Tutup

Puisi

"Esem Ligan Randha Jombang": Antologi Geguritan Cinta Anjrah Lelono Broto

14 Oktober 2010   16:30 Diperbarui: 26 Juni 2015   12:25 2298
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Alhamdulillah, setelah molor sebulan lebih akhirnya antologi geguritan Esem Ligan Randha Jombangyang merupakan kumpulan geguritan bertema cinta karya saya sendiri, Anjrah Lelono Broto, minggu ini turun cetak.

Berikut ini beberapa geguritan dalam antologi “Esem Ligan Randha Jombang”:

========================

Lagu Wengi Ing Sawijing Gang

ing kekeban ngalem lampu merkuri, ing pundhak cagak-cagak

listrik kang kebak memitran, sliramu lan sliraku rumangsa

saya tuwa

pasuryanmu kang rinonce dening lawe-lawe abang kang dawa, sunar

mripatmu kang landhep tumunjem ing jaja, kaya

kepengin ngrungkepi katresnanku jroning

rajapati tanpa kumucuring getih. Nanging pepati

wingi ora liwat ngiring omahku, dheweke ngilang

ing ngisor-ngisor jembatan, ing sungapan-sungapan kali, ing

walike lawang toilet umum sawijining terminal. Nalika

tanganku ngaras janggutmu, alon. Dakrasakake

landhep kang luwih lan luwih :

why does extraordinary beauty

always unsheates its knife ? Like the twilight who

imlans an answer that I can never utter to you, I can never write it

on your underwear.

Surabaya, Erste Desember 2003

Sangisore Buku

Kanca lawas kang menehi kamar kanggo asu ajag jroning

atine, ora kanggo sapa-sapa. Ora kaya pawongan-pawongan kaningaya

kang ninggal tanah klairane kanthi kapeksan, aku

mung sethithik kelangan; godhong garing kang ceblok, pitakonmu

kang suwe ora mampir ing kupingku, lan

sawijining wanodya kang kelalen. Aku mung bisa nyawang

nalika dheweke nyimpen rapet jilbab-e jroning lemari,

nyaputake lipstik ing lathi,

ngobong surat-surat, lan

katresnanku

sangisore buku.

Padepokan Girilusi, 11 Juli 2004

Besut Sssst …..

Sssst …..

Sssst …..

Sssst …..

- Rus, kembang semboja wangi kembange

ditandur amor brungki

ojok mek mbesengut ae

sautana tah salamku iki

; assalamu’alaikum ...

-- teka-teka kok nyangking kembang Semboja, Cak Besut

brungki kathik kebek paku

ati mangkel ya mesthi mbesengut

tapi tetep taksauti salam peno iku

; wa’alaikum salam …

- paku ndok brungki yo kelet, Dhik

tapi gak koyok kelete cucuk karo buntut

atiku langsung cemleret, Dhik Rusmini, Dhik

krungu swaramu sing ulem koyok manuk Kutut

; tempene gosong tah, Dhik, kok nganti mbesengut?

-- mari mangan tempe gosong yo ngombe

gak nok banyu yo keseretan peno

alah, sampeyan ojok kakehan lambe

endi buktine janji peno pas nang pasar tuku clono

; jarene mari riaya iki apene nglamar aku …

- Dhik, kesereten terus yo kemeng

lek aku matek sing gelo sopo

Dhik… Dhik… peno nagih tah iki maeng

sabar thithik kenek opo

; sek, ngenteni bayaran manggung pameran ndok GOR

-- awak kemeng yo cepet diteplok lulur

utawa dipijetno, mumpung onok becak

umur gak kenek dijak kekancan, dianggep dhulur

aku iki tambah suwek, Cak (eh tuwek)

; ket mbiyen alesan peno mesthi ngenteni bayaran

bayaran manggung ndok GOR gak kenek dijagakne, Cak Besut

- emoh, wong becak mari digawe ngemot jagung, Dhik

mosok ditumpaki uwong sing ngganthenge uyel-uyelan

isoku mangan tekok bayaran manggung, Dhik

ya ngene iki resikone dadi seniman

; Tapi bener peno, manggung ndok GOR gak tau tepak jumlah

mbarek wektu caire

-- gantheng uyel-uyelan jare Markuwat

ngaku nggantheng lha kok igane nggambang

ssst, ojok banter-banter onok Sumo Gambar liwat

sampeyan engkok isok dicorek tekok daptar seniman Jombang

Sssst …

Sssst …

Sssst …

Kebonrojo, 2008

SMS Kang Ora Teka

Dakplayokake wektu

Ing gemontang bandhul jam kang jero

Ngirim SMS menyang nomermu

Ing selaning pring ora pethuk kang ngrembuyung

Nyilakake gegodhongan

Nyingkirake eri bebondhotan

Nyuklek camplang-camplang garing

Kang nggarit pulung ati

Dakkirim sms ing wengi kang adem

Ngliwati sepi kang ora sapa aruh

Ora medhot impen kang mili

Ing selanin pring ora pethuk kang ngrembuyung

Ing langit ngendi mboktitipake kangenku

Ing pangkon kang ireng, biru, utawa abang

Gawanen menyang pangkon kang semanak. Ing mripat horizon kang adoh

Pengin leren sliramu titip ?

Tangan atimu wis keju, ora lantip

Utawa, pangkon langit semanak pancen ora ana ?

Padepokan Girilusi, Medio Januari 2009

============================

[caption id="attachment_289931" align="alignleft" width="212" caption="Cover buku antologi "Geguritan Esem Ligan Randha Jombang""][/caption]

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun