Dening Anjrah Lelono Broto
“Bapak??” pitakone Dewi, adhik tingkat jaman kuliah mbiyen kang saiki jejer dadi ibune anak-anakku. Aku manthuk. Ora abot. Nanging uga ora entheng. Dewi nggresah. Ambegane keprungu jero mampir ing kupingku.
Hp-ku daktutup flip-e. Daklirik, Dewi selot saya ngatonake praupan suntrut kaya nyangga utang kang ora entek ditanggung pitung turunan.
“Sing gedhe pangapurane, Mas. Bapak ki kok ya sakkarepe dhewe. Sejatine, piyambake rak ya mangerteni yen usahane njenengan neng kene ki wiwit thronthong-thronthong metu asile, ngunu kok njenengan dikongkon mulih,”
Aku ora mangsuli, dakumbar ibune Handoko lan Pratiwi ngumbar rasa-pangrasane. Sawise nyelehake hp neng meja, aku pilih ngetokake rokok saka sakku. Dakplirit siji, nuli nylempit neng lambeku. Pangudarasane Dewi, dakwangsuli kanthi kepulane keluk rokok karemanku.
Dewi, sang sigaraning nyawaku iki, pancen wis suwe nuduhake kabotane klayan panjalukane Bapak marang aku. Wiwit isih thimik-thimik ing bangku kuliah, Bapak nyampekake apa kang dadi wasiate Simbah Kakung, yakuwi salah sijine saka putra-putrane Bapak ana kang nyukuli jejer Lurah Dusun Mblarak, papan klairanku ing Jombang.
Nalika semana, aku rumangsa ora sanggup. Sepisan, aku rumangsa dhurung bisa nata awakku dhewe. Kapindho, aku dhewe pengin kiprah ing sanjabaning rangkah. Mosok, wiwit umbelen nganti uwanen, mlungker wae ing tanah klairan. Bawaning wong lanang kang pengin njangkah amba, ing taun-taun wiwitan mbangun bale wisma, dakbarengi klayan njajal usaha ing bidang pertanian, cunduk kaliyan kawruh kang daksinaoni nalika kuliah.
“Aku ngerti kuwi pancen wasiate simbah kakung. Nanging, Mas. Apa sampeyan dhewe ora eman karo kringet sampeyan kang wis mboklabuhne kanggo mbabah usaha distribusi Dhele Ireng ing Malang iki. Eling, Mas, akeh kang ngomong yen prospek-e bisnis iki angin-anginan. Lan, njenengan bisa mbuktekake yen karep kang pengkuh bisa nuduhake rejeki ing legine Dhele Ireng. Apa bapak ya ra ngregani kringete anake dhewe, Mas?”
Dewi nyedhak, mripate nyawang aku landhep. Mripat blalak-blalak kaya kang didhuweni bintang pilem India lawas, Sri Devi, kuwi nunjem telenging atiku. Ana wangsulan kang coba digoleki wong wadon kang setya nyisihi nalika aku oleh bathi lan rugi.
Pitakone Dewi dakwangsuli kanthi esem seger, dakarasi rambut kang ngrenggani bathuke. Klawan alus, daksun pipine, “Cah-cah mau wis bobuk apa dhurung?” pitakonku. Dewi kang mangerteni apa kang dakkarepake mleruk. Werna abang kucel kang kawit mau ngrenggani pasuryane gara-gara telpun saka Bapak alon-alon mbleret, nuli ilang.
“Iki mesthi, yen diajak ngomong serius, buntute mesthi ngajak ngonokan,” ukarane Dewi ditambahi jiwitan cilik ing bangkekanku.
Lampu gage dakpateni. Sakbanjure mung keprungu swaraning napas kang uber-uberan ing samodraning asmara bebrayan rumah tangga.
**********
Dina-dina sabanjure, pikiranku dikebaki nggembulenge timbang-timbangan, apa kang kudu daklakoni. Mbegegeg ora maelu penjalukane Bapak lan wasiate Simbah Kakung, utawa kudu mulih menyang Mblarak, macung lurah. Bola-bali Bapak telpun kanthi ukara-ukara kang ngemu surasa padha. Yen aku pas neng ngomah, Dewi, Handoko, lan Pratiwi nganti apal banget. Aku sing ra kepenak. Selot katon yen Bapak meksa. Iki kang coba daktutup-tutupi ing ngarepe bojo lan anak-anakku. Bojone, ya bapake iku wis uwong, dudu bocah cilik maneh kang bisa diengkak-engkuk karepe wong tuwane.
Nanging, nyawang adrenge karepe Bapak, aku dhewe dadi kepikiran. Apa Bapak wis ngukur sapiro kekuwatan kang ana ing anggaku saengga wani diabar jroning pilihan lurah. Senadyan ta adicara lurah-lurahan kuwi pista demokrasi kang paling cilik, nanging apa lan sapa kang ana jroning adicara kuwi ora kena sinangga entheng. Ana kegiyatan kampanye, ana acara nglumpukake warga desa kang jelas mbutuhake suguh lan lungguh, ana trik bom-boman, dhurung yen kudu diamping-ampingi wong pinter uga botoh kang pinilih.
Ing telpun kang pungkasan awan maeng neng kantor, Bapak crita yen jago-jago liyane kang katone bakal macung klebu tingkatan clipir. Ora abot. Saengga, Bapak selot semangat njurung aku melu nyemplung ing tarung lurah-lurahan Desa Mblarak telung wulan engkas.
Ora bisa dakpungkiri, anak sapa kang ora seneng bisa nglegakne karepe wong tuwa. Semono uga aku, pengin rasane bisa mujudi apa kang dadi wasiate Simbah Kakung sakdhurunge seda. Apa maneh, ing antaraning putra-putrine Bapak, kayane mung aku kene dijago. Sedhulurku lanang isih kelas telu SMA, lan sedhulurku wadon kang umure luwih tuwa, adoh mencelat dines neng luar Jawa kabeh.
Sawise dakpikir jero, aku kepingin mulih nang Mblarak tanpa kaweruhan Dewi lan anak-anakku. Aku penging nglari luwih jero, apa kang dadi jalaran adrenging karepe Bapak, saliyane wasiate Simbah Kakung. Kanthi pamitan kulakan menyang luwar kota, aku trus budhal menyang Mblarak.
“Ati-ati neng dalan, Suamiku.. Kekasihku... Manisku.. Cintaku… Shalawat sing akeh..” SMS saka Dewi dakwaca sinambi nyekel stir. Aku nggleges. Tambah tuwa, Dewi-ku iki kaya bali dadi cah wingi sore.
**********
“Piye, Le. Gam-e padang, se??” tantinge Bapak manteb, nalika aku klayan Bapak lungguhan neng mbale. “Kira-kira sing dadi sainganmu mengko gembuk-gembuk, timun mungsuh duren. Le. Wong sarjana, ya pengusaha, tedhak-turune trah Samidjan sing mbabad desa Mblarak. Ora ndhisiki kersa, Le. Nanging, Bapak yakin, kowe bisa ngumbulake maneh pamore trah Samidjan sing wis suwe mingslep,”
“Nanging, Pak. Kadospundi usaha dalem neng Malang. Dalem kuwatos, mangke dalem mboten saged konsens,”
“Dhurung dilakoni dadak ngaku kalah. Ojo isin-isini trah Samidjan kowe, Le!!” Bapak mendelik kaya arepe nguntal anggaku tanpa banyu. Bapak nyuruput wedang kopi-ne, alon-alon ambegane sing munggah wiwit mudhun. “Ibune Handoko-Pratiwi kuwi rak ya sarjana. Sithik-akeh, saksuwene iki ya melu cawe-cawe ngurus dhele irengmu. Kowe dhewe sing crita nang Bapak, yen ora didampingi gendhuk Dewi, usahamu kuwi wis nggoling wingi-wingi. Iya pa ra?”
Aku manthuk tanpa wani nyawang Bapak.
“Wis manuta, Le. Dadi ya anak kang ngabekti nang wong tuwa. Perkara warga Mblarak takature. Tenang. Likmu Darmono, lan sedhulur-sedhulurmu liyane ora bakal meneng yen trah Samidjan kuwi duwe kajat,” putuse Bapak tan kena dieluk maneh.
Enak-enake ngomong ngalor-ngidul, etang-etung uba rampening kajat macung lurah ing Mblarak, dadak ana suwara uluk salam kang banget dakapali.“Assalamu’alaikum…” suwara kuwi keprungu ulem, ngguggah asu turu ing poncot dipan kamar atiku.
“Wa’alaikum salam…” meh bareng aku klayan Bapak mangsuli.
“Mbokdhe wonten, Pakdhe?” ukara kuwi mlumpat kalem saka lathine wanodya kang tau nggoda wengi-wengi sakdhurunge ngliyep mripatku. “Mas Jan, ya?!!?” mripate natap raiku sing dadi embuh piye warnane.
Aku ora kuwawa kumecap. Mripatku nyawang wanodya kuwi saka pucuking jempolan sikil nganti pucuking rambut kang obah-obah kena angin sore. Dhekik pipi kuwi isih cementhel ngancani esem manise. Awake luwih weweg, nanging ora kebacut mekar kaya bangkekake Dewi neng ngomah. Ratri. Senadjan umur wis ndas telu, pranyata isih katon merak ati apa wae kang tumempel ing anggamu. Ah, 18 taun, ndhredeg jempalikaning rasaning ati isih padha. Isih kaya wektu-wektu kuwi.
“Halah… wis padha nyangking cindhil kok ya isih salah tingkah ta, Le..” pengin rasane aku nyadhuk dengkule Bapak sing nggoda. Nanging sing ana mung kowah-koweh kewaregen jangan lodheh. “Dhemu Seger neng mburi, Nduk. Ana parigawe apa ta? Kok sawangane penting,” pitakone Bapak.
“Mboten, namun pengin tanglet-tanglet kedhik marang Mbokdhe Seger,” semaure Ratri kebak lelewa. Byuh, rasaning atiku. Saya kroncalan senadjan wis kliwat welasan taun.
“Perkara apa kuwi?” ubere Bapak.
“ Sepuntene, Pakdhe.. Menika prekawise wong wadon,” jian pinter pencolotan, isih kaya biyen, sing marahi aku poyang-payingan.
“Hahahahaha…..” guyune Bapak pecah amba. “Iya, kana. Mlebuwa wae...”
Ratri njangkah kebat mlebu ngomah. Kembang impen lawas kang uga tanggaku dhewe iki pancen wis biyasa bludhas-bludhus neng ngomahku. Malah mbiyen yen ndholani aku, ajeg sinambi ngrewangi Ibu methiki janganan neng pawon. Nanging takdir muni seje, aku kepincut adhik tingkat kuliahan, lan Ratri nampa lamarane joko kasep sing dines neng koramil.
“Saya manteb macung lurah, Le??” takone Bapak mbuyarake angen-angenku. Ora ana ukara kang ceblok saka lathiku. “Ratri randha teles, lho. Wingi ntas entek sewune bojone, ya ora ngira, yen awak gothot kaya bojone Ratri kuwi dadak nggembol lara njero sing kronis. Wiwitane kaya adem-panas biyasa, tibake jare dokter, jantunge lemah...”
Ora dakrungokake omongane Bapak sakteruse, angen-angenku mabur nembus mega-mega putih. Wewayangane Dewi, anak-anakku, swargi Simbah Kakung, Bapak, lan sing pungkasan, Ratri, jejogedan ing tlapukan mripat. Ing antaraning wasiate Simbah Kakung lan Bapak kang pengin njaga praja trah Samidjan, Dewi lan anak-anakku kang nggandholi ing Malang, randha teles Ratri kang tau marahi aku ora bisa turu, aku njegreg kaya tugu. Ninggal Dewi lan anak-anakku ing Malang, macung lurah kaya kekarepane wong tuwa-tuwa, imbuh randha teles Kampung Mblarak. Trep tenan, aku diparingi asma kaya panengahing Pandawa klawan Bapak. Janaka jenengku, luwih saka siji bojoku.
----- CUTHEL ------
Dimuat di Minggon JAYA BAYA No. 17 Minggu IV Desember 2012
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H