Halo kanca kanca, kowe kabeh pernah teka menyang siji ningkahan nganggo adat Jawa? Menawa tau, kowe kabeh mesthi uga tau weruh salah siji rerangken saka ningkahan adat jawa yaiku, siraman. Siraman yaiku sawijining prosesi ing jero ningkahan adat jawa, yaiku ngguyur utawa ngadusi calon manten sadurunge prosesi ijab kabul dilaksanakake.
Siraman nduweni makna yaiku, ben manten resik suci lair lan batine lan siyap miwiti kauripan omah-omah. Siraman ditindakake karo pirang-pirang barang yaiku:
banyu
kembang setaman
konyoh manca werna
landha merang
santen kanil
banyu asem
loro klapa tuwa
slemek lungguh
Wondene proses saka siraman kasebut kaya iki : calon manten nganggo sandhangan siraman banjur dibarengi dening wong tuwane ing panggon siraman, wong tuwa calon manten kang nyiram diterusake dening sesepuh lan kapungkasan karo dukun manten mecahake kendil siraman disambut para tamu kang ngucapake “wes pecah pamore”