Kados wonten wulan Agustus pinten-pinten tahun ingkang kepengker, negara kita Indonesia wonten ing wulan puniko mengeti malih peristiwa sejarah ingkang luhur sanget nilainipun, inggih puniko Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia, ingkang tahun 2010 Â sampun tanggap warsa kaping sewidak gangsal utawi 65 tahun. Peristiwa puniko ugi nggadahi artos ingkang ageng sanget, kita saget bebas saking penguasaanipun kaum penjajah.
Kamardhikan niki minangka setunggaling nikmat lan karunia saking Gusti Allah ingkang kedah dipun syukuri, sampun ngantos kita ingkari, dipun isi sarana kegiatan-kegiatan ingkang positif  lan ingkang katah ginanipun sampun ngantos rumaos paling berhak nikmati sedayanipun, ingkang akhiripun berlomba-lomba ngeruk bandha sugih sak katah-katahipun, kanti prinsip aji mumpung, mumpung nggadahi kedudukan, mumpung wonten kesempatan, adhigang adhigung adhiguna, ing tembe akhiripun nimbulaken krisis wonten ing sedaya aspek gesang bangsa lan negara, kados ingkang kula panjenengan raosaken wekdal puniko. Pramilo, samangke kita sedaya kedah  saged sareng-sareng nglajengaken cita-citanipun para pahlawan lan sesepuh, inggih meniko nuju bangsa ingkang "Baldatun Thoyibatun warobbun Ghofur".
Lan kangge ngraih sedaya kala wau dipun betahaken usaha, utaminipun kangge para mudha kedah saestu anggenipun merjuangaken ngisi kamardhikan meniko miturut kaliyan karemenan ugi keahlianipun piyambak-piyambak. Ingkang remen politik lan pemerintahan, nggih mangga nindakaken ingkang teges, jujur lan adil, kados ingkang sampun serat Mas Pong Harjatmo wonten ing Gedung parlemen, ingkang remen nyerat mangga nyerat ingkang sae, saget migunani dumateng ingkang sami maos, ingkang kagungan usaha, guru, tentara, polisi lan sak piturutipun mugi saged ngisi kamardhikan kanti sak sae-saenipun, karanten para mudha  puniko setunggaling generasi penerus ingkang nggadahi tugas ingkang mboten saged dipun tilar lan dipun lirwaaken.
Para mudha puniko nggadahi tanggel jawab ingkang mboten entheng kagem kelajengan nasibipun bangsa, pramila kedah giat anggenipun pados ilmu, ngangsu kaweruh wonten ing sak dengahing papan panggenan, mboten kesupen ugi dipun bekali kaliyan raos taqwa  lan ahlaq ingkang mulya. Sampun ngantos ngandalaken tiyang sepahipun utawi generasi sak derengipun, ananging kedah saged ngetingalaken jati dirinipun piyambak.
Amargi nasibipun bangsa puniko tergantung  sanget saking  para mudhanipun, pramilo para mudha -sepindah malih - kedah giat, mboten males-malesan, nggadahi ilmu lan taqwa ingkang kelajenganipun saged ngasto bangsa meniko mboten dipun asoraken dening bangsa liyo.  Mbok bilih sampun cetha maju munduring bangsa, gesang pejahe bangsa tergantung saking para mudhanipun, kados wonten setunggaling unen-unen, "Sak temene ing tangane utowo pundake para mudha kuwi urusane ummat (bangsa) lan ing dlamakane para mudha uripeng bangsa".
Mangga sareng-sareng ikhtiar lan nyuwun sampun ngantos wonten raos putus asa saking rahmating Gusti Allah. Nandur kabecikan kagem sesami, andap asor, nuwuhaken  budi pekerti ingkang luhur lan kiat mentalipun jumbuh kalian cita-cita bapak Proklamator  Soekarno - Hatta. Nggayuh kerukunan wonten kalanganing masyarakat ingkang badhe dumugeaken dateng karaharjan wonten ing gesang bebrayan ageng.
Cekap semanten atur kula, menawi wonten cicir ceweting atur satemah mboten damel sarjuning manah, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H