Lihat ke Halaman Asli

Zuly Kristanto

hanya orang biasa dari desa

Benu Males Budi

Diperbarui: 18 November 2019   10:45

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Sejatine ibune wis bola-bali ngelingake yen Benu iku klebu bangsane kewan wengi. Ora cocog metu ing wayah awan. Nanging Benu tetep wae ngengkel. Mungguhe Beni dolan ing wayah wengi iku babar pisan ora nyenengake.

Saliyane ora akeh kancane kang gelem diajak dolanan. Benu ora bisa nonton endahe kembang kaya kang nate disumurupi kancane. Merga rasa pengine dolan ing wayah awan wis ora bisa diempet maneh. Ing sawijining dina, tanpa disumurupi ibune. Kanthi sesingidan Benu ninggala ke omahe kanggo mbuktekake crita sing nate dirungu saka kancane.

"Dina iki mumpung ibu ora ngerti aku ninggalake omah. Aku kepengin mbuktekake apa bener kembang mawar iku pancen abang rupane," batine Benu sinambi mbukak lawang omahe kanthi alon.

Sasuwene iki Benu pancen wis ngerti kaya ngapa wujude kembang mawar. Nanging merga anggene ngerti mung wayah wengi. Benu babar pisan durung ngerti kaya ngapa rupane. Kanggo apa sing ditindakake

Masiya Benu wis ngerti resiko saka tumindakake kang ora netepi ngendikane iki bakale kaya ngapa. Benu tetep nekad. Benu milih diseneni ibune tinimbang ora bisa nonton kaya ngapa endahe mawar kanthi mripate dhewe.

Ya gara-gara ora gelem lan nerak larangane ibune iki kang ndadekake Benu ngalami kahanan kang sarwa ora kepenak. Nyatane mabur ing wayah awan luwih angel dibandingake mabur ing wayah wengi. Panyawange Benu kang ing wayah wengi tansah awas. Awan kuwi Benu babar pisan ora bisa nyawang apa wae kang ana ing ngarepe.

Akibate lar-lare lan awake Benu akeh kang nandang tatu merga bola-bali nabrak wit-witan kang ana ing ngaree. Gandhenge tatune nemen. Benu nganti kelangan kabisane kanggo mabur. Kalane ngalami nasib kaya ngono Benu mung bisa nggetuni nasibe.

"Saupama aku ora nglanggar aturane ibu. Samesthine aku ora bakal ngalami nasib kaya ngene," ujare Benu lirih sinambi nangis sesenggukan.

Apese anggene Benu nangis iki adoh saka papan dununge kanca-kancane. Saengga babar pisan ora ana siji-sijia kanca-kancane sing keprungu tangise lan sabanjure menehi pitulungan marang Benu. Untunge tangise Benu iki dirungu Pak Harjo, kang lagi nunggu parine kang sedhela maneh panen saka serangane manuk emprit.

Keprungu ana swara tangisan. Pak Harjo banjur nggoleki sumbere swara sing dirungu. Pak Harjo kaget banget bareng ngerti sing nangis iku Benu. Atine Pak Harjo tansaya trenyuh bareng ngerti tatu-tatu ing awake Benu.

Kanthi alon Pak Harjo njupuk Benu lan sabanjure nggawa Benu menyang gubuke. Tekan gubuke sinambi njaga parine kang wis nguning. Pak Harjo banjur ngubati tatu-tatu ing awake Benu. Merga obat sing digunakake kanggo nambani tatune iku rasane perih banget. Bola-bali Benu mbengok kelaran.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline