sak dawa-dawane lurung isih dawa gurung
kuwi tetembungan jaman wingi
lha saiki nganti garing-erak gurungku
ngandhani kowe kabeh ndak kon ngresiki lurungmu
seka sangkrah, kang blarah, pating klarah, ora nggenah
kowe tetep mingkuh, kukuh,
gegedhuk samaladhuk
dhuk-dheng samaladheng
mbok coba saponana lurungmu