Lihat ke Halaman Asli

Kudung Warna Biru Dongker

Diperbarui: 18 Juni 2015   01:15

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash


  1. EDISI : DEFFILE DINA KORPRI

“ KUDUNG WARNA BIRU DONGKER “

Dening : Khadijah Amroe

Jeng Kade tembe bae mlebu maring kantor bar apel esuk. Dina kiye kabeh barisan katon resik, rajin, sing wadon katon ayu-ayu lan sing lanang uga katon ganteng-ganteng. Soale dina kiye apan dianakkena acara deffile nggo nyambut dine Korpri sing tiba nang tanggal 29 Nopember 2013. Salah sijine acara deffile Korpri, sangangpuluh uwong jumlahe, gabungan kadi kantor-kantor liya sing perek-perek.

“ Ayo cepet baris Jeng Kade, kae wis pada kumpul! “ Jeng Ambar ngoprak-oprak karo nyekel kopyah warna ireng nang tangane.Wong-wong liyane, sing lanang, sing wadon, wis pada metu, ngumpul nang ngarep kantor PMSKB. Jeng Kade langsung nyamber kopyah sing nang nduwur meja, terus cepet-cepet metu kantor karo Jeng Ambar. Sing liayane wis pada kumpul, dadi karo mlayu-mlayu Jeng Ksdekaro Jeng Ambar teka nang nggon kuwe, nang ngarep halaman kantor PMSKB.

“ Terimakasih atas kedatangan dan kesediaan bapak ibu sekalian untuk mengikuti Deffile di Alun-alun Kota Pemalang. Rombongan nanti langsung berangkat dalam tiga mobil dinas. Dari Dinsosnakertrans satu mobil dan dua mobil dari PMSKB. Semua siap ? “ suara komandane lanang seru, katon weweh semangat nggo wong-wong sing pan melu Deffile. Maklum bae, latihane wis pirang-pirang dina, nggo acara sedina kiye tok. Suarane gedhe,kumise kandel, gagah kaya Werkudara. Jeng Kade lingak-linguk barang ndeleng kanca-kanca liyane kadi kantor liya, clanane warna biru, klambine Korpri, kudunge biru dongker karo kopyah warna ireng. Sing lanang-lanang uga katon gagah, nganggo clana biru, kemeja Korpri karo pada kopyahan warna ireng. Jeng Kade, Jeng Ambar,Jeng Nia, Jeng Erma karo Jeng Nina lingak-linguk kaya kethek ditulup ndeleng seragam liyane pada seragam, apa maning nganggo kudunge pada warna biru dongker kabeh. Maklum bae, Jeng lima kuwe ora tau latihan deffile, dadI kayong katon kagok, apa maning ora ngerti yen kudu nganggo kudung warna biru dongker. Dongene sih apan ora melu deffile wong ora tau latihan, dadi kayong katon kagok lan ndeweki. Bisane ora tau melu latihan ya amarga gaweane akeh nang kantor. Dong ngene pan latihan deffile, wis dioprak-oprak, eh, ana tugas maring ndesa-

ndesa nggo menehi bantuan bencana. Ana maning aring ndesa nggo penyuluhan, dadi waktune kuwe dipreteng-preteng anggel nemen. Tapi jarene ben jumlahe sangangpuluh uwong,Jeng lima kuwe kudu melu, bisa ora bisa. Kudung be dudu warna biru dongker. Jeng kade warnane biru laut radan nom.Jeng Nia uga kudunge warna biru nom, Jeng

Erma apa maning, kudunge ireng. Waduh.....wong lima kiye, sing ayu-ayu kiye, katon ora sragam.Sing kudunge warna biru dongker kuwe jane Jeng Nina tok, tapi wong ora tau latihan, ya...samimawon.Wis nunut bae, gon mangkat ys mangkat, gon numpak mobil ya numpak mobil. Akhire wing lima kuwe pada melu numpak mobil dines, padahal nang jero mobil kanca-kancane sing rumangsa kudunge warna biru dongker pada croetan !

“ Lah kuwe Jeng Kade kudunge ora pada. Mana ijol karo sing ora melu, sing pas kudunge warna biru dongker ! “ Jeng Asih nyerocos bae nang njero mobil kayong katon ora seneng, tapiken mobil wis jalan, langka waktu maning nggo ijolan kudung. Terus rasane ijolan kudung karo wong liya katon ora etis. Kudung wis didenggo angel-angel nang umah, mambu kringet, ukurane uga ora pada, gon ijolan, lah, kayong ribet, Jeng Kade gemerutuk nang atine.

Anjog nang Alun-alun, sing pada melu deffile kadi kantor liya, wis mulai mlaku. Mlakune tegak, hormat karo Pak Gubernur Jawa Tengah sing rawuh nang Pemalang. Sing wisbiasa latihan baris, gagian mbentuk barisan, lah...wong sing lima kiye, sing kudunge ora pada lingak linguk katon kaya wong bodho.

“ Sing wong lima ora usah melu ! kudunge ora pada ! Barisane wis pas sangangpuluh wong ! “ Jeng Sri sing dadi ketua deffile nggomong nganggo sombok seru nemen katon jengkel. Jeng Kade langsung nyingkir nang ngisor wit ringin, padahal kuwe lagi nganggo kudung warna biru dongker sing langsung ditukokna atasane.

“ Wis ora usah ayu-ayunan nganggo kudung, angel-angel temen, dewek ora kepilih..... “ jarene Jeng Kade katon sewot. Jeng Nina ngguyu kakunen ndeleng wong papat pada ribet nganggo kudung warna biru dongker.

“ Wislah, ora usah dienggo bae ! “ Jeng Erma katon sewot maning.

“ Wis beneran ora melu, ora kesel...heeee..... “ Jeng Nina sing kudunge biru dongker nambahi. Wong lima akhire nyingkir, nang ngisor wit ringin kabeh, ana polisi loro sing lagi jaga alun-alun. Ana petugas Satpol PP, petugas kadi Puskesmas, tentara uga ana pada jaga-jaga. Wong lima sing ayu-ayu kuwe uga ora kalah melu jaga-jaga

alun-alun, tapine jaga wit ringin sing akeh jejer-jejer nang pinggir dhalan. Wong lima padha ngguyu kakunen.

Barisan deffile pada katon gagah, karo ayu-ayu , mlaku, weweh hormat karo Pak Gubernur sing Asmane Pak Ganjar. Alun-alun Kota Pemalang katon biru-biru, krembik-krembik dideleng sing montor mabur nang nduwur

Barang barisan deffile kantore dewek wis liwat, Jeng Nina sing nyekel duwit gagian ngejak mangan bakso. Nang pojok Alun-alun Pemalang sebelah kulon pancen ana wong dodol bakso, aranae bakso “ Bola Mas “. Baksone enak, gedhe-gedhe sak bal pingpong Angger sing urung tau dhahar bakso gedhe, ya katon mlegidik dhahar bakso sing guedhe kuwe.

Bakso wis nang ngarep meja. Wong lima pada dhahar katon semangat, “ Pengin apa ngelih ? “ pitakone Jeng Kade karo gemuyu.

“ Angger melu defffile, ora bakalan dhahar bakso wong lima esuk-esuk kaya kiye ya. Jajal gon ujan-ujan aring alun-alun dhahar bakso tok, mesti ora bisa, gaweane akeh, numpuk, nganti ora katon bokonge, ora kober maning latihan deffile. Jeng Nina nambahi maning.

“ Jajal, dewek wis wareg, liyane kesel, kemringet, ngelih....heeeee.... “ Jeng Ambar mangsuli katon seneng. Setengah jam deffile wis rampung. Terakhiran kepala-kepala dinas sing pada lemu-lemu, barisane katon ora sragam, katon ora tau latihan. Jarene bos-bos barisane ora sragam, sing ngomong staf-stafe pada ngguyu.

Bubar deffile, rombongan mobil balik maningmaring kantor dewek-dewek. Diwai amplop sijinan isi rong puluh ewu, jarene nggo transfort. Lah , wong lima kuwe diwai amplop gor loro, jarene marga ora melu tatihan tur mau uga ora melu deffile. Rong amplop apahalah. Lumayan,ditampani bae, mengko bareng-bareng nggo dhahar maning maring warungepak Sadrim, Java lorone Kabupaten Pemalang.

Nuwun, kulo pamit rumiyen...........

Pemalang, 11 Desember 2013




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline