Lihat ke Halaman Asli

WS Thok

TERVERIFIKASI

Wiraswasta

Sesama Pengempeng Dilarang Saling Melarang

Diperbarui: 27 Oktober 2018   03:59

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kesehatan. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Schantalao

Cerkak:

Pak Modo duwe anak lanang jenenge Odam. Mergo soko kebiasaan, Odam nganti kelas 4 SD isih seneng ngempeng. Ngempenge yo terbatas nang omah wae, mergo isih duwe isin nek konangan kanca-kancane...mesti yo biso dibully entek-entekan.

Pak Modo wis bolak-balik ngandani, ning yo Odam panggah wae, ora nurut. Pak Modo asring gregetan, empenge diumpetke utowo  dibuang. Mesti wae Odam nangis njur mripih-mripih nyang ibune kon nukoke sing anyar.

Pak Modo isin mergo rumongso gagal nggulowentah anak. Pungkasane nyalahke bojone sing dianggep protektif karo anak, saben-saben empenge ilang ibune nggolekke gantine.

Mergo Bu Modo bolak-balik disalahke, suwe-suwe yo ra trimo. Nganti seprene meneng wae mergo isih ngormati bojone. Bareng sing diajeni mekso ra ngerti-ngerti, Bu Modo njur nyauri.

"Pak, sampeyan nek pingin Odam ra ngempeng, sampeyan ki yo ojo mara-marai ngempeng!"

"Mara-marai ngempeng piye to bune?" Pak Modo ora dong.

"Lha kuwi, sampeyan samben dino ngempeng, ora nang njero omah wae ning yo nang njobo omah barang, tur maneh empenge ndadak diobong"

Pak Modo lagi ngeh opo sing dimaksud bojone, mesti wae nyangkut kebiasaan olehe ngrokok. Sak durunge mangsuli, Bu Modo nambahi maneh.

"Kamongko yo Pak, empenge sampeyan ki sangat berbahaya mergo mengandung zat adiktif, ora mung bahaya kanggo sampeyan, ning luwih-luwih kanggo keluarga, wong-wong sekitare sing keno kebule, minongko perokok pasif".

Bu Modo isih ngesok uneg-unege, "Jan-janne aku ki isin, bojoku wis tuwo kok isih ngempeng, malah keporo apik Odam, sing isih duwe isin ora ngempeng nang njobo omah. Lha mbok nek sesama pengempeng ki ra sah saling melarang, ben wae anakmu ngempeng!".

Kawit kuwi, Pak Modo mulai nglereni olehe aruh-aruh lan olehe ngempeng eh... ngrokok! (Depok, 22 Okt 2018)

== tutuge tekan kene wae==




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline