Lihat ke Halaman Asli

kurikulum pendidikan Indonesia,mau kemana ?

Diperbarui: 24 Juni 2015   18:18

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Gadget. Sumber ilustrasi: PEXELS/ThisIsEngineering

QUO VADIS DONYANING PASINAON UTAWA PENDIDIKAN

Dening : didik M. riyadi

”Bapak ugi mekaten, mosok mas ingkang kedhahnyuwun pangapunten kaliyan Adit, kamongkopiyambakipun ingkang ngladaki adik. Mas namung mbela adik. Bapak kino, cobi diwaos warta menika, Mega – Sby mawon mboyen purun akur..... ” Mangkono anakkusing mbarep nggrundelrikala takjaluk supaya wawuh karo kancane sing bubartukaran, sinambi nudhuhake koran Suara Merdeka Jum’at 3 Juni kepungkur, kang ingkacaloronetinulis gedhe kanthi irah-irahanMega – Sby Belum Akur.

Blaik ! Aku kang wus macawarta iku, banjur cep klakep, meneng. Ora bisa ngucap. Bocah saiki pancen bedhakaro bocah jaman biyen. Ana kalantipan, ana sewu pitakonanlan pranyatan. Lan kateladanan kang dadi sumber paling utama lan cespleng ing sajeroning pola pengasuhanlan pendidikan bocah, dadi mendal lan mentah ora karuwan, rikala anakku nyorohake koran iku. Iki kang salah koran kang ngudhunake headline babakan prilaku pemimpin negri iki kang babar blas ora patut tinuladha?

...  Di sela-sela acara, Mega membagi-bagi permen kepada tamu yang duduk di kanan – kirinya, yakni mantan presiden BJ Habibie, mantan wakil presiden Try Sutrisno, Hamzah Haz dan Yusuf Kalla. Namun, Mega tidak menawarkan permennya kepada SBY dan ketua MPR Taufik Kiemas yang juga suaminya .......

Wah! Anakku, kang pranyata uga wus maca pawartane, banjur nggrundel kanthiyutan alesan, kang ujung-ujungengomong, ” .... presiden lan mantan presiden mawon mboten sami maringi premen kok, kenging punapa bapak mesti meksa mas nyuwun pangapuntentho ..... ”

Prilaku pemimpinkang kaya mangkene iki apa pantes dicontho ? Kenangapa uga ing media ikunulisirah-irahankaya ngono gedhene ? Sanadyaning akeh kalodhangan, ing akeh mimbar, dheweke, para pemimpin negeri iki, terus ngumbar, menehi janji, sesorahnganthi sundul langit babagankang beciklan pinuji, ananging sanyatane ? Hamung sekadar lamis wae ? Gemeslan kepengin nesu,kang kawethumarang aku wektu iku. Prakara premen iku, dadi gegambaran kang wutuh prilaku politik para pemimpin negeri, kang ora pantes dicontho. Ora patut tinuladha babar blas.

Quo Vadisdonyaning pasinaon utawa pendidikan ?

Yen aku oleh ngandhakake, donyaning pasinaon utawa pendidikansaikiana ing sajeroning posisi quo vadis. Donyaning pasinaon utawa pendidikan, ora bisa maneh kanthi bener njawab apa kang dibutuhake para siswa anggone nyikepi perkembangan lan tantangan sosial kang sansaya kompleks. Globalisasi!

Donyakang  miyak kabeh akseslan mendanipaking urip, komplit kalawan kurang lan luwihe, ndadekake anak didik mamanglan bebreganggone nglakoni.  Prilakune sansaya ora bisa tinebak, lan iku ditengerikarogesele moralitaslan bebuden kan sansaya ilangsaha unggah-ungguh anggone bersosialisasi. Anak didik, yen tak gatekake, mung kudulan kudupinunjuling babagan akademis, hamung secara kognitif. Para guru mung nduweni siji kuwajiban, piye anggonengeterake anak didik lulus 100 persen ing UN. Lan iku dadi dosa asal anggonenyirnakake karakterlan sakabehe sipat becik anak didik.

Mangkonokang diterangake dening Ny. Murwani Maspuri Ridwan, mantan kepsek SMP Negeri Wonosalam Demak. sabanjuredhewekengendhikakake, tantangan kang diadepi anak didik rikala kudu srawung marang lingkunganewektu iki luwih abot, luwih kompleks. Akeh godha lan luwih akeh maneh iming-iming kang nglalekakegumregute anggone sinau. Kudune, pola pembelajaran kang diwenehake uga kudu ndelok prakaranekang diadepi dheweke. Ananging sanyatane rak yo ora. UN dadi alesan para guru luwihngutamakakemarang penguasaan materi pelajarankang dilelerakesajeroning UN. Sawetara pelajaran liya, mung dadi sekadar pepak-pepak. Mung dadi sekadar ana.

Ngamalake akidahlan bebuden saha karakterpara siswa, mung diwenehakerikalatumekaning UN, liwat donga bebarengannganthi mujahadah. Mesti wae iku bab kang ora bener, amarga pada waeiku mbenerake anggepan, yenngibadah, ndongamarangKang Kuwasa hamung kududilakonirikalangadhepi UN wae, prakarauga tho ? ” Mangkono dheweke nerusake

Pamanggih kang padha,diaturake uga dening ketua PGRI Jateng, Subagio Brotosedjati. Miturut  mantan Kadiknas provinsi Jateng, sanggankang kududisandang satuan tenaga didik wektu iki luwih abotlan sansaya kompleks. Marang kang wus lulus sertifikasi, dheweke kudu nggawepalapuran rutin gegandhengan proses KBM. Dheweke uga kudu kaconggahnggolek inovasisajeroning pola pembelajaran ne. Sawetara marang kangdurung lulus, dhewekekatuntut supaya terusningkatake dhiri supaya bisa melu lulus. Akehe sanggan iku, yen gelem jujur, ngurangi wektune dhewekekanggo nindhakake pendekatan persuasifmarang anak didik, mligine sing dhuweniprakara.

Kamongko pendekatan persuasif iku babkang banget efektifanggonenandur akidah, karakter, bebudenmarang anak didik. Kateladanan kang biyene manjila, liwat pendekatan personal, saiki wiwit diganti dening akehe PR, akehingpakaryanapalan nganthinguwasani materi pelajaran. Kabeh maukaaturan jeneng ujian nasional. Anak didik ngertine mung sinau lan sinau, sawetara ing sajeroning pribadhinegaring miturut moralitaslan conto-conto budi pekertisarta unggah-ungguh. Guru kelangan waktunekanggo anak didik, iku dak kira kang paling pas nggambarake suwasanakang diadepi dening donyaning pasinaon wektu iki. ” Ature Subagio.

Baline sekolahannemu hak nemtokake kalulusan anak didik, miturut Murwani dadi momentumkanggo kabeh guru, untuk kembali ke khitah awal, dadi guru kang sabenere guru, kang wajib digugu lan ditiru. Guru iku tuladha, guru ikukabeh sipat beciklan punjering karakter. Guru kudu dhuwe wektu 24 jam kanggo anak didikke. ”Guru aja mentingake dhiri pribadine, kanthi ninggalkake kelas kanggo sekolah manehamargo ngoyak sarat lulus sertifikasi. ninggalake muritlan menehi LKS kanthi karepkang ora cetha, dadi patrap kangnguciwani.Jaman pancen wus owah, ananging guru tetep guru. Dheweke ngemban jejibahan mulya, lan jejibahan iku ora mungnglulusake anak didik ananging uga nyangoni dhewek arupa akidah, bebuden luhur, nganthiwektune kuduninggalake pamulangandadi bocah kang ndhuweni karakter kuwat,” mangkono Murwani nerusake.

Banjur ?

Aku dhuwe pangajap nilai-nilai Pancasila kudutinandur wiwit ciliksaka TK. Ngibarate, kita kudu menehi werna lan tulisan ana ing salembaredluwang putih, nganti ing dluwang ikutumemplek akidah, budi pekerti lan kabeh sipat sikep becik. Lan iku kudu terus dikuwatirikaladheweke lunggung ing bangku SD, SMP, SMA nganti perguruan tinggi. Percayaa, yen iku bisa katindakkake, kekuwatiran para pihak ngenani lunture karakter anak didik, ora bakal mencungul maneh. mangkonokang diandarake dening Pembantu Rektor III Universitas Diponegoro, kang uga mantan Dekan Fisip Undip  Drs. Warsito.SU.

Hamung Warsito ndhuweni kekarepan, penanaman nilai-nilai Pancasila iku kudune sak dimensi instrumental. Rikala urip bebrayan berbangsa dan bernegara wus bisa mlaku kanthi becik lan iku dirumangsani bebarengan. Mesti mengkone bakalngrucut ingmikul dhuwur marang ideologi negara. Lan yen kabeh mau kalaksananlan teraplikasi kanthi beciking sajeruning urip sabendinane , mula bakal aman, tentremlan ora pada congkrah ing sajeroning urip bernegara, ”  Warsito nerangake.

Salah sijine agenda strategis jangka panjangkanggo mbumekake Pancasila ing kalangan generasi mudha, gelem ora gelemkudu lan dadi siji-sijinejangkah kang paling trepyaikuliwat donyaning pendidikan. Mangkono dingendhikakake Direktur Eskekutif Maarif Institute, Fajar Riza Ul Haq. ”Pirang-pirang survey ing kawuri iki nudhuhakemanawa sekolahan-sekolahan umum wus ngalami krisis disorientasi, bebarengan karo suburingkawruh agama kang eksklusif,antikeberagamanlan untolerensi.” Fajar Riza Ul haq nambahake.

Kanggotumuju marang proseskasebut, meturut Riza, bakal mrakarsani program penguatan kesadaran warganegara ing SMA ana ing 4 daerah, yaiku Pandeglang, Cianjur, Yogyakarta lan Surakarta. ” Kanthi tumindak iki, kitakepengin menginternalisasi nilai-nilai toleransi, keterbukaan, anti kekerasan ing kalangane para siswa sekolah.”

Apa wusbanget nguwatirake tingkah polah, sikap lan sipat generasi muda negeri iki, wektu iki ?

Yen kitha gelem jujur ndhelok realitas sosial wektu iki, moralitas saperangan gedhe anak negeri iki wus ana ing sajeroning tataran nguwatirake. Sesrawungan tanpa wates, narkoba, premanisme, lan tuminsdhak kang ora becik liyane, di gulawentahlan kabentuk ora mung karo lingkungane, ananging uga karotumindhak sabendinane para publik figur, para pemimpin, lan para pangemban amanah rakyat. Dhewekemenehi conto contoh kang babar pisan orapinuji, korupsi, medhok, padha mbalang pepesan kosong ing media massa, padhawani mitenah lan liya-liyane. Apa kang bisa dituladhanisaka dheweke ? ” mangkono miturut Philipus Ramlan.

”Bapak mbok sepisan-sepisan korupsi, ben akeh dhuwite .......  ”

Walah !? Entuk pamikiran seka ngendi bocah cilik ngomong koyo mangkono ? Pancen, sadurunge dheweke ngomong mangkono, aku nate janji bakal nukokakepit anyaryen dhuwe dhuwit. Kang dadi pamikirankuminangkawongtuwo, saka ngendi dheweke duweni perbendaraan katakaya mangkono iku ?

Ora mung ana ing pamulangan utawa sekolahan

Yaiku Isdarwanti, SPd. SD Guru SDN Karangrejo 01, Kecamatan Gajah Mungkur kang mratelakakemenawambalekake Pancasila ing sajeroning kurikulum luwih beciking kabeh bidang studi, wiwit isih cilik. “Eksklusifisme anggonenetepake ing salah sawijining bidang studi kaya P4 te orde baru mung bakalnekakake pitakonan akeh. Aku wedhi, Pancasila gagal dilebokake maneh ing sajeroning kurikulum. Luwih becik, pamarentah nyusun pola  pedoman penghayatan dan pengamalan Pancasila iku luwih dhisik kanthi cara kangprasaja, lugas lan gampang tinampa deningsiswa didik. Sabanjure, lagi diterjemahakelan diterapakeing kabeh bidang studi. Ing pelajaran agama umpamane, sila-sila ing sajerone Pancasila bakal luwih pas menawa aplikasi ne diselarasakekaro akidahe. Dene ing bahasa Inggris, luwih katujokakemarang penguatan rasa bombong berbangsalan bernegara. Mangkono sateruse.”

Dadi miturut Isdarwanti, kabeh guru dhuweni hak lan kuwajiban kang pada ing sajeroning mbentuk anak didik kang dhuweni karakter lan budi pekerti luhur. ”Problematika anak didik iku ora pada. Siji lan sijine nggawa karakteristikdhewe-dhewe. Kudu ana pendekatan personal marang siji lan sijine anak didik, supaya dheweke bisa bener-bener dadi generasi mudha kang dhuweni karakter becik.”

Kepala Sekolah SMA N 14 Semarang, Drs Wagino uga sarujuk pelajaran Pancasila dilakokakewiwit bocah isih cilik. ”Pembelajaran pancasila kudu diwiwiti rikala bocah isih timur, pantese rikala isih sekolah PAUD. Iku kudu dilakokakeing lingkungan sekolahan, ing lingkungan  kulawarga. Kabeh padanyengkuyung.” jelasake.

Luwih adoh, Waginonuturake, dheweke sarujuk bangetmenawa pancasila bali diterapakeing sajeroning kurikulum. “ Pancasila pancen identikkaro orde baru. Rikala reformasi, akeh uwong kang alergi karo orde baru. Dhewekekang njurungakesupaya Pancasila diilangake saka kurikulum. Sejatineyen gelem jujur, dengan Pancasilalah, bangsa iki bisa nyawijisupaya jiwa patriotisme, demokratis lan nasionalisme  bisa ngrembaka selaraskaro tuntutan jaman. Wektu bangsa iki lagi kena mangsalah, kangen marangPancasila thukul maneh, lan iku becik, becik banget, ” tuturake.

Kabeh komponenkudupadha sinergis, mujudake pengamalan nilai-nilai Pancasila ing lingkungan tanpa ninggalake norma budaya lokal kang becik, ujare Wagino nambahake. Pancasila bali mlebu kurikulum, iku wus ora bisa dinyang maneh. Generasi mudha kudu diwenehi pembelajaran, pemahaman, lan penguatan marang apa kang dikandhutlan siniirat ing sajeroning sila-sila Pancasila. Sawetara wongtuwa, kudu nyegerake maneh, ngelingake, menawa Pancasila ikulandesansaka kabeh dasar pola kehidupan berbangsalan bernegara.

Sabanjure ?

Mendiknas M. Nuh, wus janji arepnglebokake manehPancasila ing sajeroning kurikulum ingkabeh tingkatan pendidikansaka PAUD nganthi Perguruan Tinggi. Dheweke bakal ngundhangkabeh pamengku kapenthingan, stake holder, kanggo bareng-bareng ngrumusake, piye pola pembelajarankang paslan pener, supaya anak didik bisa anthuk pencerahangegandhengan karo karakter, prilaku lan budi pekertine.

Kang mesti, miturut M. Nuh, ora kabeh kang ditinggalkake dening orde baru iku elek. Sumonggo kitha jupukkang apiklan ninggalakekang ala. Pancasila kudu bali mlebuing kurikulum dunia pendidikan, supaya anak didik anthuk panguwatan marang sikep, sipat lan karaktere.

Ojo nganthi pendidikan malah ndadekakebocahnglalekake aspek mentallan moral. Panguwasanan ilmu lan teknologi kang ninggalake aspek keagamaan, mung bakalndadekakebocah gagap lan mangu-manguwektu nampa gempuran arus teknologi lan globalisasi. Ndadekake tembe mburine, bocah mungmligingoyak kadonyane, sawetara ing dhirinegaring dening akidah lan budi pekerti sarta sikep sipat becik.” Mangkono Elvira, sekretaris Lembaga Pelatihan dan Pengembangan Bakat (LP2B) Semarang ngandharake

“Ana pepatah Minangkabau kang nyebutake, jika kita sesat di ujung jalan, kita harus kembali ke pangkal jalan,kang dhuwe surasa, yen kehidupan berbangsa lan bernegara sarta bebrayan ing masarakatngadhepi mangsalah, mula kitha kudu bali maranggegayuhan ing ngarep, yaiku Pancasila lan UUD 1945,” mangkono Mendagri, Gamawan Fauzi, nutup kabeh silang sengkarut ing dhuwur.

Bali marang pok-pokaningdhalanyo ? (dmr)

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline