Lihat ke Halaman Asli

WAHYU PURWO SEJATI

SMKN 2 PURWOREJO

SMK Negeri 2 Purworejo

Diperbarui: 7 Maret 2023   13:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

SMK NEGERI 2 PURWOREJO

SMK Negeri 2 Purworejo uga kang mbiyen kasebut SMEA Negeri Kutoarjo iki manggon ing Dalan Krajan 1 Semawung Daleman, Kec. Kutoarjo, Kab. Purworejo, Jawa Tengah. Warga brayan agung Purworejo asring nyebut sekolah iki 'Skanida'. Sekolah iki kalebu sawijining sekolah negeri favorit ing Jawa Tengah kanthi dados sekolah kejuruan negeri paling apik ing Kabupaten Purworejo. Akreditasi sekolah iki yaiku akreditasi "A".

SMKN 2 Purworejo nyediakake 5 jurusan kang rata-rata merujuk ing bisnis lan manajemen, ing antarane ana jurusan Akuntansi dan Keuangan Lembaga, Otomatisasi dan Tata Kelola Perkantoran, Bisnis Daring dan Pemasaran, Perhotelan, lan Multimedia. Sekolah ing kene luwih akeh praktek lapangan langsung tinimbang teorine, saengga ngasilaken lulusan kang siap kerja. Hal iki uga merga sekolah ing kene kudu nindakake Praktik Kerja Lapangan (PKL).

SMKN 2 Purworejo duweni nggon kang amba, resik, lan asri. Ruangane akeh kanthi ana 2 lantai. Ing antarane ana 39 ruang kelas, laboratorium ing saben jurusan, mushalla, lapangan, indoor, lan isih akeh maneh. Ing kene uga ana Skanida Mart, Bank Skanida,Tefa Perkantoran, Bursa Kerja Khusus (BKK) kanggo nyalurake para alumni kang pada golek gawean lan Hotel Ghravidya kang bisa digunakake siswa kanggo praktek. Perpustakaan SMKN 2 Purworejo manggon ing lantai 2, panggonane resik lan buku-bukune ketata rapi saengga nyaman kanggo sarana golek kawruh.

Ing pinggir sebelah kulon tekan kidul sekolah ana parkiran motor siswa. Dene papan sebelah kidul sanding parkiran ana kantin kang ngedol werna-werna jananan, kanyata siomay, gorengan, bakso, lan sapiturute. Ing bagian tengah sekolah ana panggung hiburan kang kiwa tengene tanduran kembang saengga taman katon asri lan endah. Taman iki uga ditanduri werna-werna wit-witan kang gawe adhem ayem minangka lelungguhan ing ngisore. Suket-sukete ijo royo-royo lan terawat, ditambah ana kolam iwak lan jembatan cilik. Ing kene uga disediakake gazebo kang sering digunakake para siswa kanggo ngobrol utawa mangan jajan kalih kanca-kancane.

SMKN 2 Purworejo migunakake sistem 5 dina sekolah, yaiku dina Senin-Jumat. Kegiatan belajar mengajar saben dina Senin-Kamis saking jam 07.00-16.00, dene ing dina Jumat saking jam 07.00-14.10. Ing kene ana organisasi kanyata OSIS, PMR, Rohis, lan PKS. Uga ana ekstrakulikuler kanyata futsal, basket, voly, lan pramuka. Akeh prestasi sing diraih SMKN 2 Purworejo saka lomba-lomba organisasi utawa ekstrakulikuler kasebut. Ora mung kui, SMKN 2 Purworejo uga dados ringking 9 sekolah kejuruan paling apik ing Jawa Tengah didasarake saka nilai UTBK 2022. Lan melbu sekolah Top 1.000 tingkat Nasional.

SMKN 2 Purworejo dados sekolah kejuruan paling apik ing Kabupaten Purworejo kang akreditasine "A". Sekolah iki apik secara fisik uga secara prestasi. Sekolahe amba lan nyaman kanggo sinau menuntut ilmu. Yen lulus saka sekolah iki bisa langsung kerja, kuliah, utawa dadi wirausaha.  Merga kui, saben tahune mesti akeh siswa sing minat daftar ing SMKN 2 Purworejo.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline