Getih sumadulur iku tansah ngalir, amarga iku tansah wigati kanggo njaga sesambungan sapadha-padha sedulur. Wengi iku, aku (Nahdah), mbak ku (Alfa), lan 2 sepupu wadon ku Mbak Zula lan Mbak Ila, lagi ngrencanakake kagiyatan kanggo ngisi wayah lodhang ing prei dawa. "Hmmm menyang ndi ya enake??" jare mbak ku. "Nginep bareng ayoo mumpung aku cuti" ujar Mbak Zula. "Nanging aku ya pengen menyang alam-alam mbak" aku nimpali. "Kepriye yen awake dhewe kemah estetik wae!" usul Mbak Ila. Iku dudu idhe kang ala, malah apik banget, kita uga bareng ngupadi panggonaning penyewaan kemah kang apik ing wataraning Kutha Malang, lan pungkasane kita mutusake kanggo kemah ing Perkemahan Kusuma Agrowisata, Batu.
Bengi sadurunge kemah, awake dhewe nyiapake bahan bahan kang dibutuhake ing wektu kemah mengko. Awake tuku mie instan, shabu shabu, perdagingan, pizza, pasta, marshmellow, lan isih akeh maneh. Sesuke wataraning jam 1 Awake budhal menyang kawasan perkemahan diter dening bapakku. Batu yaiku daerah sing adem amarga kalebu jero dhataran dhuwur. Ora arang aku lunga kemah, nanging aku luwih remen kemah ing daerah sing adem timbangane daerah sing panas kaya pantai.
Udara sejuk banget lan adem, katon sesawangan kutha ing dhuwuring bukit panggonaning awake manggon. Awake nata barang-barang kang wis kita gawa ing tenda, lan lungguh sadhela nikmati swasana ing kana. "Ayo awake dhewe mangan pizzane" ajakku. Sinambi mangan uga sinambi nikmati sesawangan. Isih luwe sawise mangan pizza, awake nggawe pasta, ora disangka pasta kang kita gawa ana tumane, "loh mbak! pastane ora tau keramas iki!" awake padha ngguyu lan ngresiki pastane siji siji sadurunge dimasak. Pasta ludes weteng mbledhos.
Dalune, awake lungguh lan njupuk foto karo sesawangan lampu lampu kutha kang endah banget. Hawane tambah adem, aku banjur nganggo jaket ku ben ora masuk angin. Banjur awake ngisi bensin awak karo manggang daging lan nggodhog shabu shabu kang wis di gawa, untunge wektu iku wayah sawise dina raya qurban dadine stok daging kang awake duwe akeh nemen. Awake dhewe mangan mangan lan mangan nganti weteng njemblung. Geni unggun diurubake, nglamun lan crita bareng ing ngareping geni unggun iku siji kang ora oleh dihindarkan. Marshmellow metu, banjur diobong ing geni unggun nganti klambine awake mambu sangit kabeh. Pamggonan kemah tansaya senyap, wengi tansaya peteng, adem tansaya ngrasuk. Awake pindhah menyang jero tenda banjur nemoni alam ngimpi. Isuke, awake nyawang srengenge terbit sanadyan ora jelas amarga awan mendung, ora ngerti geneya saben kali aku lunga kemah tansah wae mendung utawa udan, nasib.
Weteng wis muni nyuwun mangan, awake banjur nggawe mie duduh instan lan sosis panggang, bareng teh anget ing hawa kang adem. Sabanjure kabeh reresikan lan siap-siap kanggo mulih. Momen kebersamaan bareng sedulur iku bab kang berharga, atiku bungah amarga iso nduweni dulur dulur sing peduli marang aku.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H