Lihat ke Halaman Asli

R.A. Vita Astuti

IG @v4vita | @ravita.nat | @svasti.lakshmi

"Lockdown" Dudu Basa Jawa

Diperbarui: 6 April 2020   19:49

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Foto: grup whatsapp

Mungkin wis ana telung minggu iki para sedulur kerjo nang omah. Gara-gara pendemi corona. Ora ana sing nang lapangan. Para mahasiswa uga pada diundur tugas-tugas lapanganne. Kabeh nang omah, ora metu-metu nek ora butuh banget.

Banjur rong minggu kapungkur mulai akeh daerah lan RT-RT sing nutup portal utawa dalam masuk gang. Kabeh dinggo ngawekani tamu sing ora dikenal. Ana RT wetanku nyemproti kabeh sing lewat. Terpal tenda dipasang ben nek udan tetep iso nyemproti.

Iki aku wis nulis rong alenia, angel banget menghindari Basa Indonesia lan Basa Inggris. Pengin nulis nganggo 'disinfektan' utawa 'lockdown' tapi kudu diendoni. Pengin kekeh nganggo Basa Jawa. Angel tenan.

Lanjut ...

Pengalamanku dialami ugo karo masyarakat Jogja sing nanggepi suasana situasi corona iki. Grup-grup whatsapp iso ngabari kabeh. Ana sing kirim cara-cara sehat, berita kematian, link-link informasi tekan dodolan jamu utawa masker kain. Sing aku seneng lan ana hubungane karo topik pilihan corona bahasa daerah iki yaiku foto-foto sing salah nganggo Basa Inggris. Embuh iki asli opo ora nanging ketoke yo ora di-photoshop eh diedit.

Maaf sumber wis ra jelas maneh seka ngendi soale aku entuk seko meh kabeh grup whatsapp sing anggotane ora berhubungan babar blas.

Di-"download" kuwi bener Basa Inggris, nek diwaca suarane mirip-mirip "lockdown" ... nglanjutke wae seko "down". Mantep. Kabeh tetep paham, manut. Lah wong dalanne ditutup portal lan ditunggoni mas-mas.

Foto: grup whatsapp

Nek "lock dont" wis dalem banget artine. "Don't" artine ojo. "Lock" artine ngunci. Kabeh tetep paham, sing penting ana kata "lock" wis! Ojo lewat, iki dikunci! Ngono wae lah! Terus portale ya rada-rada dhuwur sithik, nanging tetep motor ora isa gampang lewat. 

Foto: grup whatsapp

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline