Kecelakaan maun ning Dalan Sriwijaya.
Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake loro (2) wong mati. Nganti wingi, polisi durung bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng Rumah sakit.
"Kita butuh korban sing slamet kanggo dijaluki katrangan awal marang kedadean kecelakaan kesebut. Mengko yen wis dipriksa bisa meruhi amergane apa," Tembung Panit Laka Lakantas Polrestabes Semarang Iptu Jumantri marang Wartawan, dina Kamis tanggal 7 januari kepengker.
Jenasah pengendara Honda Vario putih umur sekitar telung puluh (30) taun, nduwe awak kurus, kulit werna sawo mateng, ngrambut cendhak kanthi nggunakne klambi putih kembang-kembang wektu iki isih neng kamar mayit RSUP dr Kariadi. Saka pakoleh penelusuran ing TKP, korban ngrupakne bakul pitik potong neng pasar Karangayu. "Nanging kanggo mestekne kita arep nglakoke penelusuran lan panggolekan identitas amarga dheweke ora nggawa identitas arepa SIM utawa STNK," tambahe.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI