Lihat ke Halaman Asli

Tantri Wuragil

SMP Angkasa

Yaqowiyu

Diperbarui: 20 Agustus 2023   13:12

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

https://www.kompas.com

Yaqowiyu iku sawijining upacara adat Jawa arupa nyebar apem ing tlatah Kacamatan Jatinom, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah. Pahargyan iki dianakake setaun sapisan saben wulan Sapar nuju dina Jemuwah minggu kapindho.

Upacara tradhisi Yaqowiyu wis kaleksanan wiwit taun 1589,saben tanggal 15 Sapar. Mula bukane upacara iki ora liya amarga Ki Ageng Gribig, yaiku ulama sholeh lan mangaribawa kang sugeng ing abad XVI. Nalika semana Ki Ageng Gribig kondur munggah haji saka kutha Mekkah kanthi ngasta oleh-

oleh arupa apem kanggo putra wayah lan para santri, amarga mung sethithik mula ora kabeh bisa keduman. Sabanjure Nyi Ageng Gribig gawe apem maneh sisandene bisa diandum marang para warga Jatinom, nalika andum apem, Ki Ageng Gribig karo ngendika “Yaa qowiyyu”, tegese: Duh, Gusti! Paringana kekiyatan. Prastawa mau banjur dilanggengake lan dipengeti saben taun dening warga kanthi jeneng Yaqowiyu. Ki Ageng Gribig nalika kondur saka Mekah, ora mung ngasta apem, nanging uga ngasta lemah segenggem kang dipundhut saka ngara-ara Arofah,

nuli ditanem ing lapangan sabanjure kawastanan ngara-ara Tarwiyah, amarga lemah iku kapundhut    Kyai Ageng Gribig saka Arofah nalika ngumpulake banyu kanggo sangu wukuf ing tanggal 8 Dzulhijjah. Dina iku pancen kawastanan Yaumul Tarwiyah. Banjur tembung Yaqowiyu ya iku saka pengajian kang dianakake Ki Ageng Gribig, nalika mungkasi mesthi ndedonga Pahargyan yaqowiyu racake ditindakake ing komplek pasareyan Ki Ageng Gribig kang dadi siji karo masjid lan ngara-ara. Wektune bakda salat Jum’at. Kang melu ngregengake ora mung warga, nanging uga para nayaka praja, pangembating praja saka kabupaten Klaten. Pahargyan Yaqowiyu uga ana kang ngarani Saparan lan Apeman.

Apem kang disebar nganti atusan ewu, bobote watara limang ton. Apem-apem mau minangka sumbangsih saka para warga ing Jatinom. Sadurunge disebar maewu-ewu apem iku digawe gunungan dhisik, kanthi tumpukan kang kudu urut medhun 4-2-4-4-3, angka iku minangka gunggunge rokaat sajeroning salat limang wektu. Gunungan apem kang lanang dijenengi Kyai Kiyat, dene kang wadon Nyai Kiyat. Sadurunge disebar ing lapangan kang ana ing pinggir kali, sisih kidul komplek masjid lan pasareyan Ki Ageng Gribig, gunungan apem iku dileremake sawengi ing masjid. Gunungan banjur digawa menyang menara kang ana ing punjering lapangan, nuli disebarake dening para santri kang padha nganggo sandhangan lan iket warna putih, apem-apem iku dinggo rebutan para warga. Miturut kapitayan, yen entuk apem mau, gegayuhan kang dipengenake bakal kajangka. Ana kang dipakakake kewan ingon-ingon, dicegurake ana ing blumbang, dipendhem ing sawah, dipendhem ing jero omah, lan liya-liyane.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline