Guwa Kiskendha iku manut dedongengan para kuna sawijining nagara kang awujud guwa/luweng sing jembare kagila-gila. Sinebut guwa utawa luweng awit ora dumunung salumahing daratan, ananging mapan jero lan adoh ing telenging bumi. Sunaring surya apadene rembulan lan lintang mung bisa lumebu sajroning guwa utawa luweng mau liwat lurung-lurung amba kang mapane diprenca-prenca tur tansah dijaga dening wadyabala pilihan. Jalaran lurung-lurung amba mau kejaba dadi dalane padhang hawa uga ngiras pantes lawang butulan kanggo para wadyabala sing baris pendhem.
Dene lawang gedhe kang minangka gapuraning praja digawe urung-urung/trowongan tumuju arah kiblat papat, uga tansah dijaga wadyabala pilihan kang minangka palang papak kanggo ngadhepi bebaya pangrabasaning mungsuh.
Wadyabala ing praja Guwa Kiskendha sinebut bala bacingah tegese wadyabala lan kawulane dumadi saka golongan manungsa lan saperangan maneh bala buta. Kabeh padha teguh sura sekti sugih kendhel abanda wani.
Kang jumeneng nata ing guwa Kiskendha sinebut Yaksendra Ditya Kala Maesasura, awujud raseksa gung aluhur, asesirah maesa mawa sungu sadhepa sisih dawane, linapis emas murni, tinaretes sesotya manik, mula yen lagi ngadeg utawa manthuk katon cumlorot gumebyar cahyane kaya kilat thathit sesamberan. Mripate kaya srengenge kembar, suwarane gumleger yen watuk kaya gludhug yen wahing kaya gelap sayuta bareng muni. Godheg wok simbar dhadha, wulune asta dhiwut-dhiwut nambahi prabawa galak nggegirisi.
Patihe kaprenah ingkang rayi kang aran Ditya Kala Lembusura awujud raseksa asirah lembu mawa sungu sadhepa sisih dawane ora beda kalawan Sang Prabu Maesasura. Senapatine uga isih kaprenah ingkang rayine Maesasura lan uga Lembusura, wujude handaka (bantheng) gedhene kagila-gila mawa sirah raseksa Senapati Jathasura. Telu-telune atunggal dadi gegedhug agul-aguling praja Guwa Kiskendha. Mula bala wadya ing guwa Kiskendha ora ana kang wani suwala apa maneh mbalela ing reh prentahing Sang Yaksendra, jalaran Sang Prabu miwah para manggala praja kabeh padha teguh timbul sura sekti mandraguna, tegel wentala nibakake pidana marang para wadyabala lan kawula kang waton sulaya, apa maneh sing niat wani madal dhawuh pangandikane Sang Yaksendra Maesasura.
Sinebut telu-telune atunggal awit yen ana kang mati salah sijine bisa urip maneh padha sanalika lamun dilangkahi kadang kang isih urip. Aja maneh kang asipat manungsa senajan dewa pisan ora kaduga lumawan yudane Maesasura, Lembusura apadene Jathasura.
Nuju dina pasewakan agung Sang Prabu tedhak miyos ing dhampar pasewakan ingadhep para manggalaning praja miwah sagunging wadyabala lan kawula Guwa Kiskendha. Sang Prabu paring dhawuh marang patih Lembusura lan Senapati Jathasura, kinen nglamar widadari Kahyangan Suralaya kang aran Dewi Tara minangka prameswari Prabu Maesasura.
Tanpa suwala utusan budhal mring Suralaya tanpa nganthi wadyabala, pasewakan bubar wadyabala lan kawula padha bali marang panggonane dhewe-dhewe. Gelise crita Lembusura lan Jathasura wis tekan Suralaya, dipethukake para dewa. Sulayaning rembug temah dadi pancakara nanging para dewa kasoran mungsuh gegedhug Guwa Kiskendha. Pungkase dirawuhi Bhatara Narada diparingi pangandika kanti aris sing satemene mung apus krama. Wose, panglamare ditampa nanging dhaupe milih dina prayoga yaiku mbesuk yen wus ana dina Anggara Kasih, srengenge jumedhul saka kidul, sarta yen wis wanci bosoking beling, ilange pring lan wis wanci sileme prau gabus.
Yen wis titi-mangsa kuwi panglamare Prabu Maesasura bakal dileksanani, Lembusurara lan Jathasura didhawuhi bali marang Guwa Kiskendha dening Sanghyang Bhatara Narada. Sapungkure Lembusura lan Jathasura, para dewa mbudidaya golek jago sing bisa ngasorake sarta nyirnakake Maesasura sawadyabalane. Sing kapiji ngupadi jago ming dewa Sanghyang Bhatara Narada, dene Bhatara Indra sarta Bhatara Brama ngirid wadyabala dewa Suralaya nganti nglurug menyang Guwa Kiskendha.
Pangluruge para wadyabala Suralaya tekan Guwa Kiskendha dadi perang campuh para dewa kasoran lan bali menyang Suralaya. Sauntara iku Sanghyang Bhatara Narada wis klakon oleh jago sing dipitaya dening para dewa nesthi bisa nyirnakake Maesasura sawadyabalane. Jago mau ora liya kajaba Raden Sugriwa lan Raden Subali. Sanghyang Bhatara Narada paring dhawuh marang Sugriwa lan Subali sapa sing bisa nyirnakake Maesasura sawadyabalane bakal didhaupake karo widadari kang aran Dewi Tarawati/Tara. Sugriwa lan Subali saguh banjur diirid marang nagara Guwa Kiskendha.
Sadurunge campuh yuda mungsuh Maesasura lan wadyabalane, Raden Subali kang kaprenah tuwa meling marang Raden Sugriwa, supaya nunggu ing urung-urung lawang butulan Guwa Kiskendha. Mengko yen banyune urung-urung mau rupane abang ateges wadyabala Guwa Kiskendha kasoran, dene yen mili putih ateges Raden Subali tumeka pati, Sugriwa kudu enggal magud yuda. Sawise meling mangkono Subali banjur klepat magut jurit lumawan wadyabala Guwa Kiskendha.
Tumrap Raden Subali kasektene wadyabala Guwa Kiskendha dianggep entheng ora ana apa-apane, mula mung sakedheping netra wadyabala Guwa Kiskendha wis padha mlayu golek urip. Sing gawe judheging Subali yaiku telu-telune atunggal saben ana sing mati dilangkahi kancane urip maneh. Wekasan Raden Subali nemu akal yen ngono kudu di pateni bareng, mula Subali banjur mateg aji Pancasona, padha sanalika awake malih gedhe sajaran teji. Maesasura ditempiling mati, Lembusura lan Jathasura arep nglangkahi dicandhak bareng, sirahe diedu kumba, sirah pecah, polone muncrat campur getih mili ngliwati urung-urung lawang butulan Guwa Kiskendha.
Sugriwa kaget, dikira yen Subali mati sampyuh karo Maesasura sawadyabalane, mulane enggal-enggal kabeh lurung sing tumuju ing Guwa Kiskendha ditutupi, sarana dibruki watu gedhene ora kira-kira, jalaran kabeh trowongan ditutup rapet mawa watu gedhe dening Sugriwa ing Guwa Kiskendha dadi peteng dhedhet lelimengan. Sugriwa terus nggeblas mring Suralaya, nagih janji marang dewa sarta matur menawa kakange ya Subali mati sampyuh mungsuh Maesasura sawadyabalane. Gelise crita Sugriwa banjur didhaupake karo Dewi Tarawati, banjur diboyong bali mring Guwa Kiskendha kang wis dadi nagara telukan.