Lihat ke Halaman Asli

SURYO PURWANTI

Profesi Pendidik

Aruh-Aruh

Diperbarui: 29 Desember 2022   08:28

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Filsafat. Sumber ilustrasi: PEXELS/Wirestock

ARUH-ARUH

Aruh-aruh yaiku : ngajak wicantenan menawi kepanggih kaliyan kancanipun.

Menapa kita kedah aruh-aruh : aruh-aruh saged dadosaken wiwitipun wicantenan lan nuwuhake raos ingkang langkung sae ing batos. Aruh-aruh utawi ngaturaken salam ancasipun kagem nyiptakaken satunggaling wicantenan ingkang sae.

Aruh-aruh menika migunani saged amargi saged :

  • Nuwuhake tumindak subasita
  • Aruh-aruh menawinipun namung dipunanggep subasita kemawon. Tetembung umpaminipun tulung lan matur nuwun inggih menika adhedhasar sikep wonten ing pagesangan sabendintenipun. Kamangka tetembungan menika saged ndandosi wicantenan lan sedaya kahanan.
  • Ngena kekancan ing pakaryan
  • Nduweni kanca ing panggenan wonten pakaryan temtu kemawon ngremenaken. Sadinten-dinten nalika ngayahi pakaryan tansah wicantenan. Kita langkung remen kaliyan kanca kita nalika ing enjang saderengipun ngayahi pakaryan padha aruh-aruh. Bab menika mesthinipun nambahi rasa katresnan ingkang ngluwihi menapa ingkang dipun kita penggalih saderengipun.
  • Nyiptakaken kahanan kang adem
  • Aruh-aruh ugi saged ndadosaken kahanan ingkang damel adem ing panggenan kita nalika bebrayan ing masyarakat utawi ing pakaryan.
  • Ngirangi pekewuh
  • Aruh-aruh uga saged ngirangi kahanan ingkang damel kita pekewuh. Lumantar aruh-aruh lan wicantenan ingkang sae saged biyantu pakaryan langkung sae.

Wonten pinten-pinten kasaenan ingkang saged dipunpendet nalika asring aruh-aruh ing pagesangan menika, umpaminipun :

  • Saged biyantu tuwuhipun rasa tepa slira kaliyan sesami
  • Ndadosaken langkung sae
  • Saged nambah kekancan wonten pundi kemawon
  • Kagem ningali dhiri pribadhi
  • Ndadosaken karukunan.com/andrea piacquadio

Mesthinipun kita nate gadhahi rasa sungkan, canggung nalika kepanggih kaliyan tiyang sanes. Antawis aruh-aruh menapa boten, kita mesthi menggalih rumiyin. Kahanan menika kedah dipunicalaken amargi saged dadosaken kahanan ingkang boten sae lan boten jenak. Langkung sae menawi kita aruh-aruh rumiyin. Wonten kathah manfaatipun nalika kita aruh-aruh rumiyin. Umpaminipun :

1. Tiyang sanes kagungan penggalih bilih kita pribadhi ingkan nyenenagken.pexels.com/Mnn Quang

2. Gampil anggenipun gadhahi kanca enggalpexels.com/andrea piacquadio

3. Nduweni rasa pracaya dhiri

4. Kathah ingkang paring pambiyantu

 




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline