Lihat ke Halaman Asli

SURYO PURWANTI

Profesi Pendidik

Tips Ngusir Nyamuk

Diperbarui: 23 Desember 2022   07:01

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Home. Sumber ilustrasi: Unsplash

NYAMUK

Nyamuk yaiku : kewan alit ingkang nduweni swiwine lan nduweni sungut kanggo ngisep getihe manungsa utawa kewan liyane. Nyamuk ngendhog ana ing panggonan kang kathah toyanipun

Wonten pinten-pinten cara supaya boten kenging lelara amargi dipuncokot nyamuk, antawisipun inggih menika :

1. Tansah dikuras utawa diresiki panggenan ingkang wonten toyanipun amargi nyamuk remen kaliyan panggenan kang kathah  toyanipun menapa malih boten nate utawi arang-arang dipunresiki.

2. Ngginakaken lotion anti nyamuk utawi minyak kayu putih.

3. Masang kawat nyamuk wonten panggenan ingkang asring dipunlewati nyamuk.

4. Ngginakaken ageman lengen dawa, celana dawa, kaos kaki lan sanes-sanesipun supaya nyamuk boten saged nyokot kulit kita.

Tips kula kangge ngusir nyamuk inggih menika kaliyan banyu bawang lajeng disemprotke ana ing panggonan ingkang kathah nyamukipun.

Langkah-langkahipun inggih menika :

  • Godhog banyu ana ing panci saukuran rantang mawon.
  • Rajang bawang putih 2 siung mawon.
  • Banyu lan rajangan bawang putih kuwi digodhog nganti umub.
  • Menawi sampun umub diademke rumiyin banyu bawang kuwi.
  • Menawi sampun adem bawangipun dipunbucal mawon
  • Lajeng toyanipun diwadhahi wadhah semprotan lan siyap digunakake kanggo ngusir nyamuk.

Menika tips saking kula lan sampun pinten-pinten wulan kula trepaken wonten gubug kula ngantos samenika. Mugi-mugi tips menika migunani kangge panjenengan sedaya. Matur nuwun




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline