Lihat ke Halaman Asli

durung kramas pa?

Diperbarui: 25 Juni 2015   06:39

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Awan iku dina Sabtu, wetara jam rolas kurang seprapat, sabubare bocah-bocah donga banjur padha mulih. Aku lan kanca-kanca guru padha ringkes-ringkes karo padha guyon. Aku dhewe ucul sepatu ganti sandhal jepit, nyelehake kaca mata ing meja banjur ajak-ajak Pak Bain kanggo nindakake sholat dhuhur. Ana salah sijine kanca guru, Pak Giman wis rapi, jaketan lan nyangklong tas ing pundhake.

"Awi, bonceng kula napa boten?" Ngendikane pak Giman marang Pak Bain.

"Boten sholat rumiyin?" semahure Pak bain.

Sanalika aku kang lagi arep ngadek, nyela "Sajake, Pak Giman esuk mau durung kramas. Kersane kondur dhisik. Awake dhewe mengko yen wis bubar sholat"

Krungu panyelaku mau, kanca-kanca guru liyane padha ger-geran, lan nambahi. "Mulane mau esuk olehe rawuh rada kawanan"

"Wah......, duwe kanca edan ki, yen ora ngati-ati dadi repot, ora kalap." ngendikan Pak Giman karo nyelehake tas lan  ucul jaket, banjur runtung-runtung bebarengan menyang papan wudhu.

Sarampunge jama'ah sholat dhuhur, nembe padha bebarengan metu saka sekolahan. Sarehne dinane setu, dalane rame banget, aku lan saaperangan kancaa guru nyimpang saka dalan gedhe Wonosari - Jogja, liwat gunung Nglanggeran, banjur mudhun ing sacedhake Kantor Kalurahan Ngoro=oro. Kejaba dalane sepi, ora kakehan simpangan truk lan bus sing kebule ireng thuntheng, hawane rada adhem lan seger.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline