Lihat ke Halaman Asli

kedasih

Diperbarui: 26 Juni 2015   08:08

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1299070862897968820

Saka jenenge, sajake mranakae tumrape sing nemoni. Nanging tumraping saperangan bebrayan ing tlatah Jawa sisih kidul, sebutan kedasih kulina disambungake karo bebaya, malah kepara raja pati. Manut pangandikane simbah lan buyut jaman aku isih cilik, lan uga isih dipercaya dening saperangan pawongan ing jaman iki, saben saben ana manuk kedasih muni ngganther mesthi bakal ana kedadeyan sing ora nyenengake.

Saweneh pawongan ngugemi, menawa ana manuk kedasih ngoceh, muni ngganther ing sawijining papan, ora gelem lunga senajan dibandhemi utawa digusah nganggo maneka warna cara, iku pratndha menawa ora suwe saka kedadeyan iku bakal ana pepati ing tlatah kono.Padatan saben ana kedasih ngoceh, nuli padha guneman umyeg, kira-kira apa ana warga kono sing wis suwe nandhang lara.

Babagan iki yen dinalar, katone ora bakal ketemu. Akeh kang nganggep keyakinane saperangan pawongan iku minangka "TAHAYUL". Nanging tumraping saperangan pawongan, percaya menawa Allah paring tenger marang manungsa mawa kedadeyan mobah-mosiking alam, kalebu ocehe manuk kedasih kuwi.

Nanging.... sing luwih gumathok lan bisa dipercaya, para simbah dhisik weling marang anak putu supaya aja pisan-pisan tiru-tiru pokal gawene manuk kedasih. Jlenterhe mengkene. Manuk kedasih, sing uga asring diarani "manuk pring bongkotan" jalaran unine menawa dirungokake kaya pawongan kang lagi ngomong "pring bongkotan-pring bongkotan" makaping-kaping. Saperangan warga nembungi kedasih kanthi jeneng "emprit gantil", duwe trekah sing ora becik.

Yaiku, menawa kedasih wis kawin, kanggo mapanake endhoge, kedasih ora nate gawe susuh dhewe. Kedasih biasane golek susuh manuk liya, biasane susuh manuk penthet sing wis ana endhoge. Kedasih nuli nyingkirake endhoge si penthet, sabanjure dheweke ngendhog ing kono, sabanjure endhoge si kedasih bakal dingengremi dening si penthet, nganti netes diopeni dening sipenthet nganti gedhe. Ewa dene si manuk kedasih enak-enak pepasihan lan mangan wareg ora ngurusi anak turune.

Mula saka iku, para sedulurku aja pisan-pisan duwe trekah kaya dene trekahe manuk kedasih. Elinga menawqa urip iku ora mung ana ing ngalam donya iki, nanging isih ana teruse, besuk ing dina piwalesan.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline