Lihat ke Halaman Asli

Dongenge Simbok: Nogorojo Lagi Mulet

Diperbarui: 26 Juni 2015   11:09

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

12911297521243716324

Wengi iku, Ragil kang umure ngancik enem tahun, lagi arep mapan turu dikeloni simboke. Kaya padatan, simbokne Ragil, Mbok Mangun, mesthi ndongeng kanggo menehi piwulang becik tumrape Ragil, anake lanang. Nanging, durung rampung dongenge Mbok Mangun ngenani limpate Kancil, dumadakan dipan kang dituroni krasa obah-obah. Sekawit mung alon, nanging sansaya suwe sansaya banter. Apa maneh lawang sing dislarag iku uga katon oabah, swarane pating krengket. Gendheng-gendheng pating kresek, malah kepara ana gendheng sing tiba lan pecah. Mbok Mangun ndemimil lambene nyenyuwun pengayoman marang Pangeran, karo tangane loro kenceng ngekep si Ragil. Ewadene si Ragil sing rada keweden, ndhepipis ana kekepane Mbok Mangun, katon ngewel. Salereme kahanan, Mbok Mangun tangi menyang pawon kanggo njupuk awu adhem ing sacedhake keren. Sapi, wedhus, lan pitik, kabeh dipyur-pyuri awu ing awake. Sabaline Mbok Mangun menyang dhipan, Ragil takon marang simbokne. "Mbok, niki wau sinten sing ngiyot-iyot dhipan?" "Wooo, iki mau ora merga ana sing ngiyot-iyot, le. Kedadeyan iki mau sing dijenengi lindhu" semahure Mbok Mangun sinambi ngelus-elus rambute si Ragil. "Lha, sing njalari wonten lindhu niku napa, Mbok?" "Manut critane simbah buyutmu ndhisik, anane lindhu jalaran Dewa Nogorojo sing duwe kewajiban nyangga bumi lagi mulet, ngobahake pethite" "Kok niku wau sapi, menda, lan ayamipun dipun awoni, pamrihipun menapa, Mbok?" "Yen ana kedadeyan lindhu mengkene iki, kabeh kewan padha kaget lan wedi. Kanthi diawoni ngono kuwi mau, para kewan dadi ayem atine. Apa maneh yen kewwane lagi meteng, utawa pitike lagi angrem, yen ora diawoni bakal keluron utawa endhoge ora padha netes, kemlekeren". "Lha, kula niki wau nggih wedi, koq kula mboten diawoni, Mbok?" "Yen menungsa, kaya dene simbok lan Ragil ora perlu diawoni. Bisa kelakon yen diawoni malah dadi kelilipen, njalari mripate dadi lara beleken". "Ooooo............, Lha lindhu niku saged mbebayani napa mboten, Mbok?" "Yen obahe banter, ya bisa mbebayani. Wis nate kedadeyan jaman cilikane simbok, ana lindhu gedhe banget. Omah-omah padha ambruk, lemah bengkah amba. Malah kabare akeh sing tiwas jalaran ketiban kayu utawa kembrukan omahe". "Menawi lindhunipun kados niki wau, mbebayani mboten, Mbok?" "Ya.. muga-muga wae ora ana kedadeyan sing nguwatiri. Wis......... saiki Ragil enggal turu, sesuk mundhak kawanan tangimu." Ngendika ngono, Mbok Mangun mrenahake kemul kanggo ngeloni Ragil. Wengi iku Ragil ngimpi weruh ana ula gedhe. Pangrahitane "Iki mesthi sing jenenge Dewa Nogorojo. Muga-muga dheweke ora pegel, dadi ora mulet"




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline