Lihat ke Halaman Asli

Dongenge Simbok 9: Langite Arep Rubuh

Diperbarui: 26 Juni 2015   16:13

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Rasa sedih lan isin ngebaki atine kancil jalaran kalah balapan karo keong. Nganti teka dina iku kancil ora mangerti menawakepinteran wis diungkuli dening si keong.Si kancil ora ngerti menawa satemene keong gondhang sing miwiti balapan karo dheweke ora lunga saka papane lekas balapan. Saben-saben kancil ngundang marang keong, mesthi ana wae keong sing ana sangarepe kancil, jalaran para keong pancen wis baris sadawane kalen.

Rasa sedih lan isin mau njalari si kancil kurang waspada sajroning lumaku. Senajan wis bola-bali kesandhung watu, kesandhung oyot, lan uga kejeglong jogangan tilas pitik alas ceker-ceker golek rayap, nanging ora njalari si kancil nambah kawaspadane. Mula nalika ing sangarepe ana joganganjero, kancil tan bisa endha kecemplung. Jogangan kuwi I kejaba jero, kahanane uga ngendhil, ing sisih ndhuwur ora sepira ambane, nanging ing sisih ngisor amba banget. Makaping-kaping kancil kupiya supaya bisa munggah metu saka jero jogangan tetep ora bisa. Ngetog karosan ancang-ancang mencolot munggah nanging tetep ora bisa tekan dhuwur.

“Lha kepriye caraku munggah saka jogangan iki. Kamangka iki sajake arep udan. Mesthi wae yen udan jogangan iki bakal kebak banyu. Yen begja, aku isa ngambang kemampulterus mentas, nanging yen apes mesthi wae aku bakal klelep lan mati ana jero jogangan iki.” Kancil nggelar pikire, nggetuni crobone nganti kecemplung ing jogangan kuwi. Angin sumiyut banter, mendhung nggentahweng ireng katon angker medeni. Atine kancil saya mengkeret ciyut, mupus marang nasib. Saka kadohan keprungu gedebuge sikil abot kang lumaku nyedhaki jogangan kuwi. Kancil tuwuh maneh pengarep-arepe, sapa ngerti bisa uwal saka jerone jogangan.

“Eeeeeee,…………………………. Sapa kuwi sing ana dhuwur kono………….?????Enggal mrene nylametake awakmu saka bebaya, langite arep rubuh…………….” Si kancil bengak-bengok kanggo narik kawigatene sing lagi liwat.

Gajah sing lagi liwat krungu pambengoke kancil, nyedhaki jogangan. Saka sadhuwure jogangan, si gajah ungak-ungak, lan pitakon marang kancil. “Ana apa, Cil? Kowe koq sajake keweden ana sajeroning jogangan”

Ngerti sing teka gajah, atine kancil sansaya seneng, ora suwe maneh dheweke mesthi bisa uwal saka jogangan kuwi yen bisa ngapusi gajah gedhe sing katone rada bodho. “Weee lha, kowe ki kepriye ta gajah? Apa kowe iki ora ngerti yen bakal ana bebaya gedhe sing ngancam nyawamu” Si kancil wiwit namakae aji pengapusane marang gajah.

“Bebaya apa, Cil?Lha genah ora ana bab sing nyubriyani ana sakiwa tengenku. Kowe aja gawe-gawe lho Cil. “ Si gajah sajak maido omongane kancil.

“Coba deloken dhuwur kae, langite moyag-mayig arep ambruk. Sajake cagake langit dihoyag-hoyag dening dewa Nagaraja. Yen nganti kebrukan payone langit, apa ora eman-eman awakmu sing lemu kuwi, Gajah??” bebarengan karo omongane kancil pas ana thathit nyamber lan angin banter sumiyut.

“Haaaaaahh…………….. langite arep ambruk??? Apa tenan omonganmu kuwi, Cil?” Si gajah sing wis kena apus kramane kancil wiwit krasa wedi, omongane groyok, sikile ndhredheg, ngewel.

“Selawase iki aku during nate ngapusi kowe ta, gajah?? Aku oleh weling saka kanjeng Nabi Soleman, menawa ana tandha-tandha langit arep rubuh kaya ngene iki, aku kudu menehi kabar marang sakabehe kewan supaya nylametake nyawane kanthi ndhelik ana papan sing njeglong jero, uta ing sajeroning guwa. Kamangka ana sacedhak kene ora ana guwa, mula ya mung papan iki sing bisa nylametake nyawaku. Yen kowe kepingin slamet, enggal nyemplunga ana jogangan iki. Senajan saka dhuwur katone ciyut, nanging sisih ngisor kene amba banget, amot yen mung sepuluh gajah kaya kowe” celathune kancil mbujuk gajah sing katon was-was.

“Waaah, cilaka…….. Yen nganti kebrukan payone langit bisa dadi dhendheng mengko awakku. Minggira, Cil. Aku arep nyemplung” Si gajah gedhe kuwi anjlok menyang jeorning jogangan. Bruuuuugh…… Awake gajah kuwi antep ngeblegi dhasaring jogangan.

“Weh, kowe aja kakehan polah ana kene. Mengko sikilmu yen ngidak awakku, rak ya sida mecedhel” si kancil bengok-bengok jalaran sigajah rada nggluyuri sawise tiba ana jeroning jogangan.

“Ngene wae, Cil. Kowe dak gendhong ana gegerku. Aku sumelang, mengko yen aku lali bisa-bisa wakmu kepidak.” Si gajah usul marang kancil.

Oleh usul saka gajah, si kancil sansaya seneng atine. Tegese dheweke ora perlu golek cara kanggo ngapusi gajah maneh. “Sajak usulmu kuwi pancen bener, gajah. Sanajan papan iki amba, nangin yen lali, bisa wae sikilmu ngidak awakku. Nanging kepriye carane aku menek menyang gegermu?”

“Ora usah menek. Kene mapana ana tlaleku, dak unggahake menyang geger” Sigajah nyawisake tlalene, kancil mapan terus diunggahake geger. Saka gegere gajah, kancil metung, menawa dheweke mencolot mesthi bisa tekan dhuwur. Mula saka iku, agahan si kancil ancang-ancang, ngetog karosan mencolot. Wusss…… si kancil wis mentas saka jero jogangan, ninggal gajah ana kono.

“Wis ya, gajah. Aku ngaturake matur nuwun, kowe wis ngentasake aku saka jeroning jogangan iki. Kariya slamet awakmu ngenteni jogangana kuwi sedhela maneh kebak banyu.” Si kancil ngucapake panuwun marang gajah.

“Weeeee……………. Lha…… ssatenane langite arep rubuh tenan apa ora, Cil???” si gajah bengok-bengok.

“Lha kowe kuwi awakmu gedhene semono, nanging utegmu koq bodho timen ta, gajah. Ngendi ana langit bisa rubuh, yen dudu langite utegmu sing bundhet. Hahahahahahahahaha….. gajah-gajah. Awak gedhe nanging bodho” si kancil gumuyu karo mlayu nglungani papane gajah ing jogangan.

“Woooo walah, nasib…… nasib. Sida diapusi kancil awakku dina iki. Muga-muga mengko yen ana banyu mili mrene, aku bisa njugruggampenge jogangan iki, lan bisa mentas. Sesuk maneh kudu luwih ngati-ati supaya ora diapusi liyan. Nasib………………… nasib” Si gajah nggrundhel nggetuni lelakone.

(Ditulis sesuia ingatanku atas dongeng simbok  sebelum saya tidur diwaktu kecil)




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline