Lihat ke Halaman Asli

Sugeng Riyadi

Registered General Nurse

Bekti Meng Wong Tuwa Loro

Diperbarui: 26 Juni 2015   02:15

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Jerene wong ngkuna, ana tembungan "sapa wonge sing wis sukses mbok ya a aja klalen karo kulite". Apa jane maksud paribasan kiye? Nek jere inyong, menungsa kuwe mesti kemutan karo sekang ngendi asal muasale. Sing wis pada dingerteni, anane menungsa nang ngalam dunya merga kersane Gusti Allah sing dilantarna karo rama biyunge. Biyung utawa Mbok utawa Ibu, kuwe wong sing kudu diajeni. kanjeng nabi Muhammad SAW nate ngendikan, ajeni biyungmu, biyungmu, biyungmu nembe ramamu. Aja digawe gemampang. Nang "tapak samparan" biyung, surga kuwe panggonane.  Nek dadi anak utawa bocah mulane aja mbajug karo wong tuwa khususe biyunge. Nek pada mbajug utawa durhaka meng wong tuwa, bisa-bisa Gusti Allah duka. Mergane ridhone wong tuwa kuwe pada baen karo ridhone Gusti Allah. Biyungmu wis ngandut kawit jaman banyu suci nganti dadi bayi sing abote bisa tekan 3 utawa 4 kilo. Maring ngendi-endi dikandut. Arep digletakna ngarah sedela baen ora teyeng. Arep gantian karo ramane ya ora teyeng. Mangsa-mangsa telung wulan pertama ingsine jeleh nganti muntah-muntah. Arep mangan ya kangelan. Arep ngemplok sega ora kolu. Dilebokna cangkem mung muntah ingsine. Ora diingsi ya kencot. Ya kaya kuwe kahanane semangsa meteng. Mulane dadi bocah kuwe sing pada bekti meng wong tuwa. Aja pada wani/mbajug meng wong tuwa loro khususe maring biyung. Dadia bocah sing nurut ngger diomongi wong tuwa. Misale kadang-kadang pikirane wong tuwa ora sejalan karo awak dewek sing lewih enom, ya tetep bae diajeni. Nang kitab suci Alquran bae wis diemutna, aja sepisan-pisan ngomong AHH [umpatan]...karo wong tuwamu loro. Sapa sing kepengin olih surgane Gusti Allah, mulane kudu bekti maring wong tuwa loro. Saben rampung salat, aja klalen ndongakna wong tuwamu, ben sehat lan disayangi nang Gusti Allah kaya-kaya wong tuwa nyayangi awake dewek semangsa cilik mbiyen. Dukhan, 4 September 0242am riyadi.sugeng@gmail.com

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline