Nalika udan riwis-riwis, ngelingake aku, nanging aku ora weruh jan-jane sapa sing tak elingi. Mega rerampakan ngaling-ngalingi kaendahane cahya rembulan. Angin kang semilir gawe mrinding, hawane adhem banget. Tanganku tak dhelike ing tekukane sikil lan dadaku. Kahanan wis sepi. Wong-wong padha mlebu ana kamare dhewe-dhewe. Aku ora bisa turu, mripatku ora bisa dimeremke. Jantungku dhek-dhekan, rasane ora tenang, tansah kepikiran terus nanging aku bingung apa sing tak karepke. Rasane jan bingung tenan uripku iki. Apa sing tak karepke ya ora dakweruhi, pokokke ora kepenak babar blas. Nanging suwe-suwe aku bisa merem. Cendhela tak tutup, lampu tak pateni, kahanan dadi peteng dhedhet, namung ana cahya saka njaba.
Kahanan padhang, dina iki wis padhang, dina iki aku kuliyah esuk jam pitu nganti jam setengah telu sore. Lumayan suwe, amarga ora ana gange, ngaso namung sedhiluk. Nanging aku wis niyat kudu tenanan. Wong tuaku wis rekasane kaya ngana le nguliyahke aku, ndadak direwangi utang bank. Aku kudu bisa dadi anak sing bisa gawe bungah wong tuaku, bijiku kudu apik, terus aku ya duwe kekarepan entuk beasiswa kanggo ngenthengake tanggungane bapak ibu. Ora lali aku kudu dadi wong sing ngerti tata krama, sanajan wis neng kutha gedhe aku tetep ora entuk katut karo jaman, aku tetep dadi aku, malah kudu luwih apik.
Kuliyah kaya biasane, neng kampus iki aku duwe kanca akrap, neng endi wae mesthi wong telu. Ketemune pas semester siji nganti saiki arep lulus ya tetep wong telu. Saliyane iku ketambahan wong loro maneh, dadi kanca raketku ana lima. Nggarap tugas bareng, dolanan bareng pokoke apa-apa kabeh bebarengan. Kadhang-kadhang ya tukaran, nanging sing liyane bisa ngantengke, ganti-ganti terus kaya ngana dadi nganti saiki bisa tetep dadi kanca.
Wis suwe aku ora ketemu karo kanca-kancaku, amarga iki wayah preinan suwe, nganti rong wulan luwih. Iya namung bisa lewat sms utawa telpon-telponan. Wayah-wayah kaya ngene iki rasane sepi banget, mula yen bisa kudu nduweni kegiyatan. Ndhek wingi aku karo kanca-kanca alumni SMA 1 Blora, lagi bar ngadhakna reboisasi, nandur wit-wit neng patang kecamatan kabupaten Blora, supaya Blora bisa adhem, ora panas kaya ngana kuwi yen wayah ketiga.
Sakwise iku aku melu panitia ospek jurusan, nanging isih wae kelingan karo mblora, iya amarga kegiyatan iku akeh banget kedadean sing lucu uga mangkelake. Kabeh kuwi ndhadekake aku kangen marang kanca-kanca panitia reboisasi. Kapan maneh bisa kumpul kaya winginane, dhasar organisasi alumni, dadi ya angel tenan yen kumpul, mbok menawa insyaAllah riyaya mbesok bisa kumpul, amin.
Saiki ospek, kurang seminggu maneh. Kabeh kudu wis temata, wingi panitia ospek jurusan uga wis ngadhake simulasi, supaya nalika ospek mbesok bisa lancar lan sukses, amin. Sanadyan ing ospek iki aku ora dadi koordinator, nanging aku seneng lan muga-muga bisa amanah. Kegiyatan ospek diadakake ing bumi perkemahan sangisore gunung merapi. Ing kono uga akeh maba-maba saka universitas liyane sing ngadakake ospek.
“Indah kowe aja neng ngisor wit iku!” Suwarane Sari menging Indah. Karo tratapan Indah mlayu marani Sari. “A…ana apa Ri? Marake ndhredhek ae.” “Heh neng ndhuwur kono ana buta sing mbaureksa kene.” Critane Sari. “Kowe kok ngerti, mrinding tenan aku iki, kebelet sisan, jedhinge neng ngisor wit iku, wadhuh kepriye iki.” Obah kabeh awake Indah karo nyauri Sari. “Ya wis tak ter neng jedhing sing sebelah wetan wae, ayo!”
“Masya Allah Sar, kuwi kena ngapa mabane awake dhewe kok jerit-jerit ora cetha, sikilku gemeter, lemes aku. Metu-metu ko jedhing langsung weruh kaya mengkono kuwi.” Indah lemes, dituntun Sari lungguh ing ngarepe basecampe panitiya. “Wis lungguh neng kene wae, tak jupuke banyu Ndah, ora papa Ndah, sedhiluk, kuwi neng njero akeh kanca-kanca patiniya.” Sari banjur mlebu niliki kahanane maba lan njupuke banyu kanggo Indah. Ora let suwe Sari njedhul. “Iki ombe sik Ndah.” Kongkone Sari. “Iya Sar matur nuwun.” Glegek-glegek suwarane banyu nalika diombe Indah. “Piye kahanane maba?” Takone Indah. “Ora perlu kuwatir Ndah, wis beres, bocahe saiki wis anteng.” Jawabane Sari. “Alhamdulillah nek ngono Sar.” Indah wis anteng krungu brita kuwi. “Ayo awake dhewe kudu siap-siap, arep upacara penutupan to? Yen wis ayo ndang koordnasi karo kanca lan maba uga kudu disiapke.” “Ayo Sar!” Saute Indah semangat amarga arep ndang bali lan ngrampungake acara ospek.
Ora krasa kegiyatan ospek telung dina ing bumi perkemahan kuwi wis rampung. Kabeh padha seneng lan ana sing sedhih. Sedhih amarga arang banget bisa kumpul-kumpul ing kegiyatan sing kaya ngono kuwi. Indah, Sari lan kanca-kanca panitiya uga bali sakwise upacara panutupan. Sakiwa tengene dalan akeh alas-alas sing isih ijo royo-royo, iku mratandhakake yen para warga isih open lan njaga kalestariane alam. Mula hawane ing kono tansah seger lan adhem.
Tekan neng kos, Indah ngglethakna awake. Rasane kaya karung beras sakwintal wis ambyar ora neng geger. Ora krasa Indah langsung turu. Kanca-kanca kos padha mulih neng omahe dhewe-dhewe. Amarga isih preinan semester. Sing ana mung mbak Tina. Dheweke mergawe neng toko elektronik cedhak kos-kosan. “Indah….Indah…” Swara lirih nyeluk-nyeluk Indah sing lagi turu kepati. Riyep-riyep mripate Indah melek, diucek-ucek rada suwe, sirahe rada mumet, saya suwe saya cetha apa sing didelok neng ngarepe. Indah tangi saka kasur. “Oalah Mbak Tina to, kok peteng Mbak. Jam pira saiki ya Mbak?” Takone Indah. Mbak Tina ora semaur, dheweke meneng langsung metu kamar, mara neng kamar mandi. Neng njero batin “Mbak Tini kok meneng ae”.
Indah nututi neng mburine Mbak Tina. “Walah peteng temen Mbak durung diakakna lampune ya?” Indah banjur ngakakna lampu. Cethek, suwarane. Mbak Tina mlengak. Raine peteng. Meneng. Tangane mara neng Indah. “Heh kowe gawe rusuh, ben peteng, ben peteng!” “Mbak Tina.. iki aku Mbak…, Indah…” Indah wedi, amarga arep ditekek Mbak Tina. Mlayu sikil rasane kaku. Awak adhem panas, sirahe tambah gliyengan. “Haahhh….mati kowe, mati kowe!” Mbak Tina nekek gulune Indah. “Eg..eg..uwekk…Mbak..Mba..” Suwarane Indah saya suwe saya ilang. “Tu tu..lung…tu…tu..t” Suwarane Ilang.
“Indah…Indah….” Suwara lirih nyeluk-nyeluk Indah. “In….dah….” Suwara iku sansaya nyedhak. “Astagfirullah, Bu Jum, wonten menapa nggih? Kula kok wonten mriki?” takone Indah. “Iki mau awakmu girap-girap wayah sandhekala. Terus digotong neng kamare Ibu karo Mas Anton. “Ya Allah… kula ngimpi nggih Bu?” suwarane Indah lemes. “Walah iya…wis saiki ngombe teh sek, supaya tenang iki.” Bu Jum, ibuk kose Indah menehi teh anget marang Indah. “Nggih Bu matur nuwun.” “Iya…sesok-sesok meneh aja turu tekan magrib, ora elok.” Tuture Bu Jum. “Inggih Bu, Bu wau Mbak Tina teng mriki boten?” Indah penasaran karo ngimpine. “Lho Mbak Tina mau ya melu nulungi awakmu pas girap-girap, saiki lagi istirahat neng kamare.” Bu Jum nerangna apa sing mau kedadean. “Hemmm…nggih to..” Saure Indah. “Bu menawi ngoten kula tak mandi rumiyin nggih, matur nuwun.” Bacute Indah. “Ati-ati nggih, nek perlu apa-apa Ibu neng omah lho nggih. “Nggih Bu.”
Ing kamar mandi Indah rada suwe, wis dadi kebiasaan, saben adus mesthi nyanyi-nyanyi. “Meski waktu datang…dan berlalu sampai…kau tiada bertahan…” Glonthang. Suwara panci dibanting. Marake sapa wae njumbul lan kaget. Spontan wae Indah mandheg jeglek olehe nyanyi. Mruntus kringete, sanajan neng njero kamar mandi. “Haduh…kuwi sapa kok mbanting-mbanting panci, sing neng kos-kosan mung aku karo Mbak Tina. Apa Mbak Tina ya..? Pikire Indah. “Iya paling lagi masak, terus tiba pancine.” Indah mbacutake nyanyi. “Kau tak akan terganti…..” “Kau tak akan terganti….” Suwara liyane nyauri. “Mbak Tina…menika njenengan Mbak..? Mbak….?” Indah kaget ana sing melu nyanyi karo dheweke. Neng njero ati Indah mbatin. “Kok sepi tenan ya… sapa mau sing melu nyanyi karo aku…? Aduh… aja-aja… aduh…” Indah ngrampungke olehe adus. Alon-alon mbukak lawang. “Indah…..” “Haaaaa……” Indah njerit sakbanter-bantere. “Heh heh iki aku Sari.” “Ya Allah..Sari kowe ngageti ae.” Indah rada nesu. “Ha..ha..ha…” Sari malah ngguyu ngakak. “Heh kowe kok neng kene?” Takone Indah. “Iya neng kosku sepi iki, bocah-bocah dho mudik, dadi aku ya rene.” Jawabe Sari. “Hadeh…plis deh ngagetin que aja lu. Huh.” Indah nyauri karo rada jengkel nanging ya seneng amarga ana kancane dolan.
“Eh Ndah ayok dolan yok, mangan mie ayam sing neng pojokan Jlubang iku lho, enak iku.” Ajakane Sari. “Ha..? tapi iku lak cedhak kuburan Sar!” Jawabe Indah karo prinding-prinding. “Halah…gak pa-pa, neng kono rame ya, akeh uwong.” Indah rada mikir suwe. “Piye? Ayolah siap-siap.” Sari nggriseni Indah. “Ya wis lah, enteni sek, tak siap-siap.” Indah banjur tata-tata. Nalika nganggo parfum, dheweke gumun, mambu kembang mlathi lan kenanga. “Lho parfumku to ambune apel, adhuh… mrinding aku.” Indah mbatin. “Sar.. Sari.. awakmu mampu kembang ora?” Takone Indah karo rada seru. Ora ana sauran saka Sari. “Kok Sari meneng ae?” Indah mbatin meneh neng njero atine. “Tak parani wae lah.” Indah mbukak lawang. “Masya Allah Sari, kowe neng ngarep lawang. Medeni temen!” Indah ngomong karo ngelus dhadha. “Kok kaget to? Aku mau bar saka kamar mandi, terus rene.” Sari nerangke marang Indah. “Oalah pantes tak jak ngomong ora nyauri.” Karo nggabruki pundhake Sari. “Hahaha.. yawis ayo mangkat, selak kewengen.”
Perjalanan kos tekan Jlubang ora adoh. Namung limang menit, iku wae ndadak mandheg ing lampu bangjo. Tekan warung mie ayam Indah pesen. “Pak mie ayam kalih.” Wong sing dodol mie ayam gumun. “Loro mbak?” Takone Tukang mie ayam. “Nggih kalih Pak, wonten napa Pak?” Indah takon bali. “M.. Mboten Mbak, ngujuk napa Mbak?” Takone Tukang mie ayam meneh. “Es teh kalih.” “Ng..nggih Mbak.” Nalika arep golek lungguhan ana suwara sing nyelok Indah. “Indah…kowe ngapa neng kene? Karo sapa?” Indah ora patia ngerti amarga modhel lesehan lampu ora padhang banget. Digoleki Indah asale suwara mau. Or let suwe ketemu. “Heh..Ndah..kowe karo sapa?” Takone Sari. “Ha… Sari kowe kok wis neng kene?” Indah gumun lan ndhredheg. “Piye lho kok rada gumun ngono? Lha kuwi sapa sing mlayu klambinan putih, mara neng kuburan, iku mau kayane mboncen kowe Ndah.” Takone Sari. “A.. aku karo sapa yen kowe wis neng kene?” Breekkk. Indah semaput.
“Indah… Indah….” Suwara lirih nyeluk-nyeluk Indah. “Ya Allah… aku neng ndi Sar? Kowe Sari tenan apa ora…?” Indah takon karo arep mlayu. “Ora.. ora pa-pa Ndah, iki aku tenan, Sari. Istigfar Ndah, Astagfirullah ‘Aladzim…” Akone Sari. “As.. astagfirullah…” Indah wis wiwit anteng. “Aku pengin pindhah kok ae Sar.” Iya ayo pindah ae, tapi sek ya tenangna pikirmu.” Sari ngeneng-eneng Indah. “Ayo bareng karo Riska wae, supaya awake dhewe wong telu kumpul terus.” Sarane Sari. “Iya aku manut. Melu ae Sar.”
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H