Lihat ke Halaman Asli

Sholikhatul Fitriyah

Sabar, Sareh, Sumeh, lan Sumeleh

Wong Jawa Kudu Njawani

Diperbarui: 3 Desember 2021   10:41

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Unggah-ungguh basa Jawa mujudake aturan adat masyarakat Jawa gegayutan karo bab tata krama lan kasusilan. Minangka wong Jawa kudu bisa njaga lan nguri-uri kabudayane. Budaya Jawa kuwi minangka budaya kang luhur. Budaya Jawa tansah nuntun masyarakat Jawa supaya tumindak andhap asor, ngugemi tatakrama lan kasusilan. 

Ing jaman saiki akeh para mudha sing ora ngecakake bab tata krama lan kasusilan, jalaran kena daya pangaribawa saka kabudayan liyan. Tuladhane bisa dideleng saka panguripan ing saben dinane. Akeh para mudha anggone guneman karo wong sing luwih tuwa ora nggunakake unggah-ungguh basa mligi ing ragam basa krama. Ing lingkungan sakupenge basa kang digunakake yaiku basa Indonesia saengga para mudha ing jaman saiki ora kulina nggunakake basa Jawa ragam krama.

Mula saka kuwi, minangka wong Jawa kudu mangerteni tata krama lan kasusilan. Sapa wae kang ora ngerti tatakrama lan kasusilan sinebut wong kang ora njawani. Tegese wong kasebut kaanggep ora mangerteni bab unggah-ungguh, ora mangerteni tuntunan budaya Jawa.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline