Lihat ke Halaman Asli

Sholikhatul Fitriyah

Sabar, Sareh, Sumeh, lan Sumeleh

Karya Sastra Bisa Dadi Kaca Benggalane Panguripan

Diperbarui: 1 Desember 2021   13:49

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Novel. Sumber ilustrasi: PEXELS/Fotografierende

Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Narko "Sodrun" Budiman nyritakake panguripane wong jejodhohan. Sajrone jejodhohan tuwuh maneka warna prakara sosial sing ndadekake ora ayem anggone ngrumat bale somah. Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang mujudake karya sastra realis salaras karo kanyatan. 

Nggambarake kahanan masyarakat ing jaman saiki, panguripan sajrone rumah tangga nuwuhake prakara-prakara sosial yaiku wong lanang patrape kasar, ngopeni anak kuwajibane wanita, wong lanang nengenake "okol" tinimbang "akal", lan wong lanang ora ngajeni wanita. Kahanan sing kaya mangkono nggambarake yen masyarakat Jawa anggone ngrumat bale somah isih nganut budaya paternalistik. Kalungguhane wong lanang luwih dhuwur tinimbang wong wadon. 

Nganti perane wong wadon mung dianggep jejangkep wae. Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang migunani tumrap pamacane minangka sarana hiburan, minangka sarana piwulang uga sacara ora langsung menehi pituduh anane budaya patriachal jroning masyarakat Jawa.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline