Lihat ke Halaman Asli

Unggah-Ungguh ing Sekolah

Diperbarui: 6 September 2024   13:47

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Kahanan jaman samenika tansaya tebih saking gadhang-gadhanging para sepuh. Kawula mudha kathah ingkang tebih saking tata krama, rumaos paling unggul nanging kesupen nengenaken tata krama ing padintenan. Salah satunggalipun para siswa, kawula mudha ing tataran sekolah menika saben dinten ambyur ing kegiyatan sekolah, wiwit pasinaon ing kelas, kekancan ugi kegiyatan-kegiyatan ing sajabanipun kelas, kadosta aktif ing organisasi, aktif ing ekstrakurikuler lan sanesipun.

Para siswa ing sekolah dipunkulinakaken cecaturan ugi ngetrepaken solah bawa ingkang sae. Nalika sinau ing klas sesarangan guru, para siswa kedah matur ingkang sae, aktif lan ngestokaken dhawuh. Emane para siswa menika kadhangkala kesupen tata krama ingkang kedah dipuncakaken, kadosta para siswa kathah ingkang sapenakipun piyambak ing kelas, suku sami diunggahaken kursi kepara wonten meja, tilem nalika guru mulang, boten basa, madoni guru kepara kulina lungguh ing kursi guru.

Polahipun lare ingkang dados prihatin sanesipun para lare menika tansah nggugu yakinipun piyambak, ngenut caranipun piyambak nalika dipunsarue (ditegur), kirang motivasi kangge sinau amargi rumaos mesthi pikantuk biji. Maem kaliyan mlampah, mlayu utawi mlaku tanpa aruh-aruh menapa malih ing ngajengipun guru, mbokongi guru pun anggep biyasa. Salaman kaliyan guru sampun boten diambung dicucup, nanging dipuntemplekaken pilingan utawi sirah.

Jaman rumiyin, para siswa menika tansah ngormati sanget dhateng guru. Nalika guru rawuh, para siswa enggal-enggal mbagekaken, biyantu menawi guru repot bekta tas lan sanesipun, nyumanggakaken guru lenggah, kepara boten wonten ingkang wantun lenggah ing kursi guru amargi saged kuwalat. Tansah takdim dhateng guru, nalika guru ngendikan boten wantun ingkang wicantenan, menapa malih guyon piyambak.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline