Lihat ke Halaman Asli

Lebaran versine Cah Ndeso !

Diperbarui: 25 Juni 2015   01:29

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1345535338824738149

Sebulan wingi umat islam podo poso (puasa), terus sak iki podo seneng ngrayake bodo alias lebaran, aku meh cerito pas wingi ning kampung melu bodo ( lebaran ). Amargo aku iki wong jowo, aku meh nulis crito yo gowo bohoso jowo. Wektu iku malem Minggu bengi, aku balik ning omah ndeso, biasalah aku iki wong ndeso tapi golek rezekine kuwi ning kutho ( kota ) koyo biasane aku nek balik tekan omah mesti langsung gawe kopi ireng terus udut LA abang, rokok kuwi mantab lan enak kanggo aku. Malem minggu wingi kuwi tepate tanggal 18, umat islam siap-siap ngrayake takbiran nyambut bodho (lebaran), aku yo melu ngrayake takbiran, soale aku iki wong islam. Takbiran ning ndesoku suasanane rame lan podo seneng. Ndesoku kuwi dikenal masyarakat jobo soale ning kampungku akeh wedoan ayu-ayu, nek pas lebaran ngene cah nom-nom, wedok lan lanang podo ngetok ning kampung, podo balek omah. Pas takbiran kuwi ndesoku mesti ono arak-arakan mubeng ndeso, pas arak-arakan kuwi mesti cilik,tuwo,nom,wedok,lanang, mesti podo metu seko omah, amergo podo ndelok arak-arakan kuwi, arak arakan sing tak maksud kuwi, karyane bocah-bocah kampungku,dadine tiap RW kudu gawe arak-arakan soale wis adat nek pas lebaran. Sak wis’e arak arakan biasane cah nom0nom podo kumpul ning omahku Dikancani wedang kopi sak ceret, kacang goreng sak pireng, lan ora lali aku yo ngedukne rokok La abang rong bungkus, biasalah jenengane wong urip kudu iso ngedum rezeki. Konco-koncoku nek wis kumpul ora podo bahas masalah bodo (lebaran) ning malah bahas masalah wong wedok, soale nek pas ngene iki,kampungku kuwi isine wedokan ayu kabeh, biyen nek pas ning ndeso iseh podo elek-elek, tapi jenengane menungso, nek wis ning kuto mesti yo ngrubah tampilane,dan2ne, ono sing rambute di cet abang, ijo, kuning, nek disawang-sawang malah koyok badut..wkwkwkkw Soyo bengi omahku ora sepi, malah soyo rame, konco-koncoku malah podo teko neh, nek pas ngumpul iki memang enak, tapi nek pas ora ngumpul sepine koyok kuburan, wis piye neh jenengane ndeso yo ngene iki keadaane..wis ngene wae critoku masalah nyambut lebaran pas ning kampungku. Aku jaluk ngapuro nek aku ono salah marang kowe kabeh, aku iki yo menungso sing ora luput seko salah..Sugeng Riyadi yo. Info tulisan : bloggersemarang.com




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline