Lihat ke Halaman Asli

Gurit Dinaku

Diperbarui: 25 Juni 2015   23:25

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Dak bukak mripat iki....
banjur ngucap asmaning Gusti,
Dak lakokake sikil iki....
tumuju ana ing banyu kang mili.

Dak kumbah tangan iki kang kebak dosa
Dak resiki rai iki saka reregeding donya
Dak kemoni tutuk iki saka akehing memala
Dak sirami kuping iki kang kebak swara kang nistha

Aku ngadhep Hyang Gusti
kanthi panjaluk kang suci
aku pasrah, sumarah
ing ngarsa Allah kang dak sembah

Aku nyenyuwun mugi Gusti paring ampun
marang kabeh tumindak kang ala
kaadohna saka godha lan papacintraka
lan kacedhakna ing slamet donya akhirat

AMIN




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline