Lihat ke Halaman Asli

Tuhan Ogak Ketok

Diperbarui: 23 Juni 2015   23:01

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Ana bocah sing lagi klas têlu SD takok ambek pakané , " Pak kênak apa Tuhan kok ogak kétok?". Bapaké bocah iku sajaké rada kagèt, "Mbok njajal takok guruêm agama nak sekolahan".
"Moh pak, aku isin" jawabé anaké
"Lho piyé lèh cah sekolah haré isinan".......
" Lé, kétoké pitakoném iku sêpélé, nanging sêjatiné angil. Nèk nurut bapak sing ogak ahli agama iki, Tuhan ancèn gak isa nèk dijêlasna nganggo cara gamblang. Soalé kabèh penjêlasan tumrap Tuhan lagi mak adhêdhasar jarénè lan jaréné, kênak apa ? Jalaran durung ana siji-siji a wong nak ndonya iki sing wis tau ketêmu ambèk Tuhan. Ana a ya mak akon- akon kanggo awaké dhéwé, ora isa mbuktèkna kanggo wong liya. Dadi amèh kabèh gambaran bab Tuhan mak adhêdhasar dhugaan-dhugaanthok.
Agama-agama Abrahamik nêrangna nèk Tuhan iku nduwèni sifat-sifat ngéné ngono.
Trus kênak apa kok Tuhan iku ora kétok? Jawaban sing paling sêdhêrhana yaiku jalaran Tuhan iku Maha Ghaib. Iki jawaban sing dingêrtèni amèh anggêr wong. Ya mêsthi aé jawaban sing kayak ngono mau wis ogak memadhai nèh. Soalé ora isa nèk Tuhan mak diwatêsi ambèk ke Ghaibané.
Ana jawaban nèh, yaiku Tuhan gak kétok jalaran Tuhan iku Maha Besar, saking gêdhéné Tuhan gak mampu nèk mak didêlok nganggo indrané manungsa. Coba bayangna aé bumi, awaké dhéwé midak bumi, jalaran bumi sing bangêt gêdhénè tinimbang manungsa, mula saka kuwi awaké dhéwé ora isa ndêlok kanthi langsung.
Ana nèh sing ngarani nèk Tuhan ogak kétok jalaran Dhèwèké Maha Halus, saking alusé Tuhan iku gak kétok nèk mak didêlok ambèk indrané manungsa. Barang sing alus bangét mustahil nèk isa didêlok nganggo mata lawaran, pèrlu alat sing digunakna utawa diarani mata batin.
Ana nèh sing ngarani nèk Tuhan iku gak kétok jalaran Dhèwèké Maha Dekat, saking cèdhakè nganti gak isa nèk trima dijangkau ambèk indrané manungsa. Njajal samu barang nèk dicêdhakna mèpèt ambèk mata, rak malah dadi gak kétok.
Ana neh sing kandha nèk Tuhan iku Maha Jauh, saking adohè Tuhan nganti gak isa terjangkau ambèk indrané manungsa. Iki njêlasna nek samubarang sing bangêt adohé gak isa didelok .
Ana uga sing kandha nèk Tuhan iku ogak isa dideskripsikna."Wis sing penting Tuhan iku apik Lé".......
Lan mbok manawa aé penjelasané bapak iki gak isa mbok tampa ambèk pikiraêm sing lagi berkembang iku.
Soale jawaban sing diunèkna bapak nak nduwur iku mau sak bênêré ogak jawaban, lan kowe ogak wajib nyakini apa ménèh nganggép nek iku mau sawijining kabênêran. Le.... Waca mènèh tulisan iki wêktu kowé mêngko nèk wis diwasa, trus balèni mênèh pitakonmu iku. Manawa kok perspektif ém isa owah lam cakrawala sing jêmbar isa madhangna pikiraem ( sumber : Arkus kompasiana )...

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline