"Bosen aku, Ji. Kate metu-metu gak iso. Nang omah ae suwi-suwi setres aku."
"Lha yok opo maneh, Yu, wong yo sik koyok ngene."
"Sakjane iki temenan gak sih? Wingi jare rame onok sing ngomong asline ngunu mung digawe-gawe, gak onok opo-opo sakjane."
"Gak onok yo opo? Wong wes akeh ngunu lho korbane."
Wiji nguceki kumbahan. Tanggane, Yu Patmi, lagi dolan nang omahe. Jenenge tonggoan, omah yo mepet-mepet wis biasa lek isuk-isuk kadang ono sing nonggo.
"Lha ning kan rung mesti mergo ngonoan, Ji. Wong sopo ae, dulure koncone Meri, jare yo mung masuk angin kok. Moro kok gak oleh diendangi, trus gak oleh dilayat sisan. Rame lho wingi kae."
"Yo sing luwih ngerti lak dokter ta, Yu. Kene ki mung jare-jare, tapi yo gak jelas sopo. Wong sing koyok ngene ki yo gak mung awake dhewe, sak ndunyo ki lagi ngrasakno."
Yu Patmi ambekan dhowo. Wong wedok umur patangpuluhan iku ora trimo karo omongane Wiji. Biasane dodolan nang pasar, ning wis pirang dino leren mergo mari ono sing kenek. Pasare ditutup sementara, disterilno lek jare penguruse.
"Hayo nyatane gak jelas kok. Ngene ki lek leren terus yo mumet aku. Wes nang omah arek-arek podho tukaran ae, sekolah yo mung nang hape. Lha opo gak mumet, jal. Arek disekolahno cek diurus gurune kok saiki malah kon nang omah, dikon ngajari bapak karo emake. Gek pancet mbayar. Lha atek opo mbayare, wong kerjo ae gak iso."
Ganti Wiji sing ambekan dhowo. Ancen mangsane lagi abot, dingge sekabehe. Wiji karo Diman sik mending, anake sik cilik, pelajarane gampang. Urip yo wong telu, masio gawean seret dingge mangan yo sik ono ae.
"Yo didungakno mugo-mugo ndang mari, Yu. Sing penting awake dijogo cek sehat terus. Ojo sampek kene."