"Teman hidup, ning gak hidup bersama ki aku gak iso."
"Kan mung sementara. Sampek cukup tabungane dingge mbuka usaha dhewe."
"Yo aku melu."
"Lek awakmu melu butuhe luwih akeh maneh. Iki kan cek aku iso nabung luwih akeh."
"Lha trus selama mbok tinggal opo aku gak mangan, gak butuh tuku-tuku sabun?"
"Lho yo butuh, ning kan gak akeh. Lha lek awakmu melu, brarti kan kene butuh omah, sak enggake kosan sing luwih gede cek iso dingge wong loro. Iku kan biaya."
Ratri ambekan dowo. Arek wedok iku sik durung iso ngerti opo sing dipingini bojone. Ardi pingin kerjo nang luar kota, ono tawaran soko kancane. Pingine Ardi dheweke dhewe ae sing budal. Wong lanang, panggonan anyar, nang proyek sisan, luwih gampang lek ngurus awake dhewe. Ratri dikongkon nang omah ae karo wong tuwane, ben sasi ngko dikirimi duit dingge celengan karo kebutuhan sehari-hari, ning areke durung gelem. Ratri njaluk melu.
Wis meh seminggu sakjoke Ardi ditawani kancane, wong lanang iku langsung ngomong nang bojone. Ning sampek saiki durung iso nyakino bojone cek gelem ditinggal. Sakjane yo ora adoh-adoh banget, Surabaya-Jakarta, ning Adi durung siap nggowo bojone. Durung ngerti gaweane bakal koyok opo, panggone yok opo.
"Sesasi sisan lek iso tak usahakno mulih. Lek gak ngko lek wis ngerti panggone koyok opo yo awakmu ae sing moro. Ning saiki gak usah melu dhisik."
"Awale yo mesti ngunu. Ngko alasan gak iso mulih, repot jare, tibake onok sing liyo."
"Gusti, pikiranmu cek eleke sih. Aku ngene iki yo dingge sopo, dingge masa depane awake dhewe."