Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Prahara

Diperbarui: 23 Oktober 2020   11:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Yo aku ki kesel, Mas. Kaet mulih kerjo wis mbok jak gelut."

"Mbok pikir aku gak kesel? Mbok pikir aku ndok omah ki meneng ae ngunu ta?"

Dini mbanting tas e nang nduwur kasur. Wong wedok umur rong puluhan iku lungguh pinggir kasur. Bojone sing umure ora bedo adoh iku ngadeg nang ngarepe.

"Kaet kerjo ae wes sombong. Rumongso kuasa, gak ngajeni bojo."

"Yo lek njaluk diajeni yo kerjo o, golek duwit, ngopeni anak bojo gak mung rono-rene nggendong doro."

Jenenge rumah tangga, kate sik anyar opo lawas yo mesti ono cobaane. Dini, adik sepupune Diman, sing durung ono rong taun rabi karo Ari, pacare. Wong loro iku wis nduwe anak siji, umur sangang sasi. Dini karo Ari konco sekolah, pacaran kaet kelas telu SMA. Lulus setaun trus rabi. Ari sing awale kerjo nang supermarket wis me setaun ora kerjo mergo kecelakaan pas budal kerjo. Sikile puklek. Patang sasi Ari ora iso mlaku jejeg. Patang sasi ora kerjo, Ari malah keterusan  masio sikile wis mari. Dini sing isin njaluki duwit wong tuwane akhire rong sasi wingi mulai njajal golek kerjoan.

Anak wedoke wis umur pitung sasi, wis iso disapih. Dasare luwes, ayu sisan, Dini gampang golek kerjoan. Dini dijak koncone kerjo dadi SPG kosmetik nang mal. Ben dino budal kerjo, anake nang omah dititipno moro tuwane. Ari kaet ora kerjo nduwe hobi anyar, adu doro. Wong lanang iku saben dino yo metu karo konco-koncone.

"Aku wis kesel, Mas. Lara atiku."

Sore iki Dini dolan nang omahe Diman, curhat. Diman nyawang adik sepupune iku, pipine abang. Dini sing lungguh nang ngarepe wis ora iso ngempet luh, nangis.

"Diombe sik, Dek," omonge Wiji nang adik ipene iku.

"Wis gak gelem kerjo, malah saiki main tangan, Mas. Lara nang pipi iki gak onok apa-apane timbang lara ndok atiku, Mas."

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline