“Mak, aku tak rabi maneh yo?”
Wiji sing lagek metani anake lanang ora langsung nyauri. Wong wedok iku nerusno lek ngutek-utek rambute anake.
“Mak...”
“Alasane opo?”
Diman sing mau ngadeg nang sandinge bojone lungguh, njejeri bojo karo anake.
“Umpomo panganan ngunu lek ben dino lodeh lak yo ngunu, masio enak sih, ho oh enak kok, tapi kan yo, yok opo yo...”
“Lha yok opo lho?”
“Ndi, Mak, atu ae cing mithes?”
Tomin, anake, njaluk tumo sing mari dicekel emake.
“Tak akoni gak onok wong wedok sing koyok awakmu, tapi yo iku mau...”
“Yo wis ngomong ae lho. Jujur.”