Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Romantis

Diperbarui: 24 Juni 2015   04:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Dudu Diman lek iso romantis. Wong lanang sitok iku, kaya omonge Wiji, ora bedo karo boto. Jaman pacaran lek wong-wong liya iku mesti romantis, ora romantiso yo mesti diromantis-romantisno, ning jenenge Diman iki romantise versi coro alus alias kebatinan. Ngunu iku sing garai Wiji kerep muring-muring. Durung maneh lek konco-koncone padha ngumpul terus cerito pacare dhewe-dhewe. Kaya sore iki.

"Minto kae lek gak tak balesi surate mesti mbingungi," omonge Sri.

"Lah Minto kae iso nulis surat ta?" takone Denok.

"Yo iso. Ben dino lak mesti dititipno satpam. Yo gak dowo sih, kadang puisi, kadang yo mung nggombal-nggombal ngunu."

"Bukane arek iku gak iso nulis? Sak ngertiku esde ae gak lulus kok," omonge Denok.

Sri mencep, mangkel.

"Lek Bambang sih ancen gak tau nulis surat tapi senengane ngirimi salam lewat radio hehe. Kae lho sing siaran bengi-bengi, lumayan ngge tombo kangen sak gurunge turu. Kadang yo kirim lagu..."

"Gak kirim yassin sisan," sauté Sri.

Ganti Denok sing nyebek. Wiji sing ngrungokno konco-konco kerjone mung meneng ae. Kerjo nang pabrik karo arek wedokan sakmunu akehe yo kudu sabar. Kedadean opo omongan sithik ae mesti rame, dadi gosip.

"Ngunu ae dipamerno. Wong lanang ki koyok Agus, gak kakean ngomong, senenge langsung dijak dolen. Wingi aku mari dijak nonton, trus kene mangan bebek. Sak gurunge mulih, mari ngeterno aku mbalik kosan pipiku diambung," saiki ganti Nonik sing pamer.

Arek wedok iku ancen sing paling kenes, jare wong sih yo sing paling ayu sak pabrik. Pacare, Agus, mandor nang pabrik. Tumpake motor sing paling anyar.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline