Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Ngidam Tralala

Diperbarui: 24 Juni 2015   13:19

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Iki crita terusane jaman Wiji meteng Tomin. Wiji karo Diman sing itungane sik manten anyar akhire bakal oleh tambahan anggota keluarga. Wong meteng ngalem iku wis biasa. Diman sing durung duwe pengalaman ngurusi wong meteng sak durunge yo wis paham iku. Masio kadang yo gregetan, gemes, ning senenge bakal duwe anak, darah daginge dewe, ngalahno roso-roso liyane.

"Mas, mambu gak enak," omonge Wiji karo nutupi iruge.

Diman sing wis ngletak nang sandinge bojone ngendus-ngendus.

"Mambu opo? Biasa ngene," saure Diman.

"Sampeyan iki mesti ambune. Aduso kono," omonge Wiji.

"Lah, aku lho wis adus. Mulih kerjo mau lak langsung adus."

"Yo aduso maneh, kecut ngunu."

"Adem, ngantuk wisan."

Wiji mecucu. Ora suwi lambene wong wedok iku maju-maju, kaya kate mutah.

"Huek!"

"Oalah, yoh tak adus," omonge Diman karo ngadeg budal nang jeding.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline