Mari bojone mulih saka Jakarta Wiji ketok susah. Lek biasane cerewet, akeh omonge, saiki malih meneng. Lek biasane Wiji sregep, saiki luwih sregep maneh. Isuk-isuk wis tangi, resik-resik omah, masak.
"Maem ayam neh yo, Mak."
Wiji manthuk.
"Maem dulang Pak'e ya?" saiki Tomin ngomong nang bapake.
"Ho oh."
Tomin ngguya-ngguyu. Arek lanang iku seneng. Bapake wis mulih, emake saiki masak enak terus. Diman sing kangen anak bojone melu seneng ndelok polahe anake, ning wong lanang iku rada bingung karo polahe bojone sing malih meneng.
"Mak, klambiku ndi?"
Wiji ngerti, bojone mesti nggoleki klambine sing digawa saka Jakarta.
"Tak buwak."
"Wou...lha lapo?"
"Wis elek."