Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

WC Tralala

Diperbarui: 24 Juni 2015   05:41

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenenge wong bojoan, opo maneh wes taunan, elek apik pasangane mesti wis padha apal sifat lan kebiasaane. Ngunu ugo pasangan Diman Wiji. Tauanan rabi apike ora ketok apik eleke selot selot eleke. Ning mergo wis padha paham, nduwe komitmen yo kudu diatasi lek ora yo dijarno ae, ora dianggep perkara.

Lek ono kelakuane Wiji sing ora dianggep Diman iku ora liya kebiasane lek pas nang WC, ngising. Ora dianggep mergo lek dianggep iso garai mangkel dhewe. Lagian yo selama iki ora ngrugekno. Sing jenenge Wiji lek lagi ngising iso limang taun. Mbuh sing ditokno opo. Wong wedok iku senengane lek ngising mesti disambi, seringe karo umbah-umbah. Alasane lek ditakoni eman, timbang mung nongkrong ae. Padahal lek dipikir justru mergo disambi iku sing garai suwi, mergo ora fokus.

Kaya isuk iki, Wiji sing kaet isuk wis umek karo penggaweane wis nongkrong nang WC. WC sing panggone nang mburi dhewe iku sengaja dipisah saka jeding dan rada adoh saka pawon. Kaya biasa Wiji nggowo kumbahane, lumayan karo diucek-ucek pikire. Diman sing wis apal biasane yo ora protes. Lek pas bareng mulese wong lanang iku milih mlayu nang omahe emake, nunut setor. Ning ora isuk iki.

"Mak, ndang, ganti aku," bengoke karo nyekeli weteng nang ngarep WC.

"Nang emak kono lho, sik suwi iki," saure Wiji.

Beda karo WC-WC sing biasane ditembok brukut teka nduwur, WC nang omahe Wiji mung ditembok sak duwure udele wong gedhe.

"WCne lak sik dibenakno, wing mampet iko."

"Wou kakean kaanmu iku mesti."

"Mbuh, ndang kok. Selak metu iki," omonge Diman karo nyungir-nyungir.

"Yo ojo mbok jak omong ae, lak maleh gak konsen iki."

Mumet ngempet Diman njogrok nang ngarep WC. Raine abang ireng ngempet tabungane sing kare mbrojol. Sing dienteni ora ndang ngalih malah karo nyanyi-nyanyi.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline