Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Nulungi Rondo

Diperbarui: 24 Juni 2015   21:31

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

13527664601804431084

[caption id="attachment_208995" align="aligncenter" width="396" caption="gambar dijupuk saka kapanpunbisa.blogspot.com"][/caption]

"Gak turu mak?"

Wiji meneng. Wong wedok iku malah nyingkuri bojone. Diman sing wis apal polahe bojone ambekan dawa, siap-siap. Dienteni suwi sik ora ono reaksi, ora ono suwara. Wiji masio mung iso disawang gegere ning Diman ngerti lek bojone iku durung merem. Nang bayangane Diman, lambene bojone iku mesti mecucu. Ora salah. Ora let suwi sikile bojone iku mancal-mancal ora jelas.

"Lapo sih?" takone Diman maneh.

Sing ditakoni pancet ora semaur. Matane panas. Ora suwi trus mbrebes. Diman sing krungu suwara senguk-senguk langsung ngadep bojone. Dirangkul bojone saka mburi ning tangane langsung ditampek.

"Turu nyobo kono! Aku pingin turu dewe!"

Ora pingin ngembrah bengi-bengi Diman ngalah. Ditarik sarunge karo njupuk bantal siji trus krembuk-krembuk metu saka kamar. Ditinggal bojone ngaleh, Wiji sing mau ngongkon bojone metu selot banter lek nangis. Metune Diman saka kamar, manut ae, dianggep Wiji amarga wong lanang iku rumangsa salah, ngerti lek salah.

Isuk, Tomin siap-siap kate budal sekolah. Arek lanang iku kaet ae adus. Wiji sing sewengi utuh nangis isuk iku durung lega. Atine selot-selot lara pas ndelok bojone biasa ae, kaya ora ono opo-opo. Bengi ora iso turu, tangi turu mecucu garai darah tinggine kumat, pingin ngamuk ae.

"Mak, kunciku nang ndi?" takone Diman sing kate budal kerjo.

"Karo kunci sing ben dino digawe ae mesti lali, lek karo wedokan gak tau lali," saure sengak.

Diman sing ora ngerti lek bojone sik nesu kaget krungu saurane Wiji. Wong lanang iku langsung mlongo. Sik mangkel, kadung wis metu akhire diterusno lek ngomel.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline