[caption id="attachment_203753" align="aligncenter" width="666" caption="dudu fotone sing nulis, sumpah! ilustrasi dijupuk saka rimanews.com"][/caption]
Dina sik isuk ning kanggo Paino rasane wis surup, peteng. Wong lanang sing biasane golek rongsokan keliling kampung iku milih uglak-uglik nang duwur lincak ngarep omahe. Wis telung dina iki dheweke kaya ngunu. Awake sing cilik ketok nglentruk, ora semangat. Males mung klentrak-klentruk nang lincak akhire wong lanang umur patang puluhan iku milih metu. Ditutup lawang omahe banjur mlaku. Tangga-tanggane isuk ngene padha umek karo kerjoane dhewe-dhewe. Pingin ngenakno atine sing lagi ora jejeg, Paino milih nang kali. Durung ngganti teka kali cilik nang kampunge Paino ndelok Tomin, wong lanang sing sik pernah ponakane lagek umek dhewe nang samping omah.
Paino : Gawe opo, Min?
Sing dijak omong nyawang diluk banjur nduduhno pring nang tangane.
Paino : Gawe layangan ta?
Tomin : *Manthuk*
Ndelok Tomin asik dhewe Paino sing lagek ora ono kerjoan akhire melu lungguh, doprok nang sandinge.
Paino : Kate diumbulno dhewe opo didol?
Tomin : Nggo dolenan dhewe.
Paino : Ou...Yok opo kabarmu, Min? Apik-apik ae ta? Masio omah cedek ketoke suwi kene gak tau ketemu. Kaet isuk wes mubeng golek rosok, muleh bengi, gak tau sempat dolen-dolen aku.
Tomin : Apik, Lik.